Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 13:5-16 Kitab Sutji (JAV)

5. Pangeran Yehuwah maringi juru pangluwaran marang wong Israel, satemah padha bisa uwal saka ing tanganing Aram lan bisa manggon ing tarube maneh kaya kang uwis-uwis.

6. Mung bae ora padha ngedohi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga, nanging terus bae anggone urip sajroning dosa kang mangkono iku. Reca Asyera uga isih tetep ana ing Samaria. --

7. Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.

8. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

9. Sang Prabu Yoahas nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing Samaria. Pangeran Yoas, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

10. Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.

11. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosa kang katindakake wong Israel marga saka dhawuhe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, nanging terus bae anggone nglakoni dosa kang mangkono iku.

12. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

13. Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.

14. Nalika Nabi Elisa nandhang gerah kang njalari ing sedane, Sang Prabu Yoas, ratu ing Israel, rawuh martuwi lan banjur muwun ana ing ngarsane, pangandikane: “Dhuh rama kula, rama kula! Kretanipun Israel tuwin balanipun kekapalan!”

15. Nabi Elisa matur marang panjenengane: “Panjenengan dalem karsaa mundhut gandhewa tuwin jemparing.” Iya banjur kacaosan gandhewa lan jemparing.

16. Ature marang ratu ing Israel: “Kawula aturi menthang gendhewa dalem!” Sang Prabu banjur menthang gendhewane, nanging Nabi Elisa numpangake astane ing astane Sang Prabu kambi matur:

maca bab lengkap 2 Para Raja 13