Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 13:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Ing taun kang kaping telulikure jamane Sang Prabu Yoas, putrane Sang Prabu Ahazia, ratu ing Yehuda, Pangaeran Yoahas, putrane Sang Prabu Yehu, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria; anggone ngasta paprentahan lawase pitulas taun.

2. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningale Pangeran Yehuwah lan sugenge manut ing dosane Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, kang njalari wong Israel uga banjur nindakake dosa, sarta ora nyimpang saka iku.

3. Mulane Pangeran Yehuwah duka banget marang Israel, tumuli padha kaulungake marang ing astane Sang Prabu Hazael, ratu ing nagara Aram, lan marang ing astane Sang Prabu Benhadad, putrane Sang Prabu Hazael, ing salawase jaman iku.

4. Nanging Sang Prabu Yoahas nuli nyuwun sih-piwelase Pangeran Yehuwah lan Sang Yehuwah iya banjur karsa nyembadani, amarga wus nguningani bangeting panindhese ratu ing Aram marang wong Israel.--

5. Pangeran Yehuwah maringi juru pangluwaran marang wong Israel, satemah padha bisa uwal saka ing tanganing Aram lan bisa manggon ing tarube maneh kaya kang uwis-uwis.

6. Mung bae ora padha ngedohi dosa-dosane Sang Prabu Yerobeam, kang njalari wong Israel iya banjur nindakake dosa uga, nanging terus bae anggone urip sajroning dosa kang mangkono iku. Reca Asyera uga isih tetep ana ing Samaria. --

7. Awit ora ana wadya-bala kang dikarekake marang Sang Prabu Yoahas, kejaba prajurit jaranan seket, kang nunggang kreta sepuluh lan bala dharatan sepuluh ewu, amarga wus padha kasirnakake dening ratu ing Aram kayadene ndamoni bleduging panuton.

8. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoahas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, kabeh iku rak wus katulisan ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

9. Sang Prabu Yoahas nuli kepareng ngaso nunggil karo para leluhure lan disarekake ana ing Samaria. Pangeran Yoas, kang putra, tumuli jumeneng ratu nggentosi panjenengane.

10. Ing taun kang kaping telung puluh pitune jamane Sang Prabu Yoas, ratu ing Yehuda, Pangeran Yoas putrane Sang Prabub Yoahas, jumeneng ratu ing Israel ana ing Samaria. Anggone ngasta paprentahan lawase nembelas taun.

11. Panjenengane nglampahi apa kang ala ana ing paningaling Sang Yehuwah, ora nebihi sakehing dosa kang katindakake wong Israel marga saka dhawuhe Sang Prabu Yerobeam bin Nebat, nanging terus bae anggone nglakoni dosa kang mangkono iku.

12. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Yoas lan sakehing pandamele sarta kaprawirane, anggone perang nglawan Sang Prabu Amazia, ratu ing Yehuda, iku rak wus katulisan kabeh ana ing buku sejarahe para ratu ing Israel.

13. Sawuse Sang Prabu Yoas kaparingan ngaso bareng karo para leluhure, Pangeran Yerobeam banjur lenggah ing dhamparing kang rama. Dene Sang Prabu Yoas kasarekake ana ing Samaria ing sandhinge para ratu ing Israel.

maca bab lengkap 2 Para Raja 13