Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 12:2-9 Kitab Sutji (JAV)

2. Sang Prabu Yoas iku nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, ing salawase sugenge, sajrone kawulang dening Imam Yoyadha.

3. Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pepundhen padha ora disingkirake. Rakyat isih saos kurban lan kekutug ing tengger-tengger kono.

4. Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,

5. iku kareben ditampani dening para imam dhewe, siji-sijine saka ing pitepungane, lan iku dianggoa ndandani apa kang rusak ing padaleman kono, ing ngendi bae tinemu ana kang rusak.”

6. Nanging ing taun kang kaping telulikur ing jamane Sang Prabu Yoas, para imam meksa durung ndandani karusakaning padaleman.

7. Mulane Sang Prabu Yoas banjur nimbali Imam Yoyadha lan para imam liyane, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok ora padha ndandani karusakaning padaleman? Mulane saiki sira ora padha sunparengake nampani dhuwit saka para pitepunganira maneh, nanging iku sira pasrahna kanggo ndandani karusakaning padaleman.”

8. Para imam banjur padha nyandikani ora bakal nampani dhuwit saka rakyat, nanging iya ora usah ndandani karusakaning padaleman.

9. Imam Yoyadha nuli mundhut pethi, tutupe kaparingan bolongan, banjur kadekek ing sandhinging misbyah, ing sisih tengene wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah. Para imam kang jaga lawang saben nampani dhuwit saka wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, tumuli kalebokake ing pethi mau.

maca bab lengkap 2 Para Raja 12