Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 12:1-4 Kitab Sutji (JAV)

1. Anggone jumeneng ratu ing taun kang kaping pitune jamane Sang Prabu Yehu, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase patang puluh taun. Kang ibu asmane Zibya, saka ing Bersyeba.

2. Sang Prabu Yoas iku nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Pangeran Yehuwah, ing salawase sugenge, sajrone kawulang dening Imam Yoyadha.

3. Nanging sanadyan mangkono, tengger-tengger pepundhen padha ora disingkirake. Rakyat isih saos kurban lan kekutug ing tengger-tengger kono.

4. Sang Prabu Yoas ngandika marang para imam: “Kabeh dhuwit kang digawa menyang ing padalemaning Sang Yehuwah minangka pisungsung suci, yaiku dhuwit kang lebune kanggo cacah jiwa, dhuwit tebusan jiwa manut tatanan katetepan kang wus tumindak kanggo saben wong, lan kabeh kang digawa lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, marga saka prentuling atine wong,

maca bab lengkap 2 Para Raja 12