Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Para Raja 1:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng Sang Prabu Akhab wus seda, wong Moab banjur mbalela marang Israel.

2. Ing sawijining dina Sang Prabu Ahazia dhawah saka ing pancak-sujining cendhelane kamar dhuwur ing Samaria, nuli gerah. Tumuli utusan abdi-abdi kalawan dipangandikani mangkene: “Padha sowana ing ngarsane Sang Baal-Zebub, allah ing Ekron, nyuwuna pitedah, apa anggonku gerah iki bakal bisa senggang.”

3. Nanging Sang Malaekate Pangeran Yehuwah ngandika marang Nabi Elia, wong ing Tisbe: “Ngadega, mangkata, nemonana para utusane ratu ing Samaria lan kandhaa marang wong mau: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene kowe nganti padha njaluk pituduh marang Baal-Zebub allah ing Ekron?

4. Mulane mangkene pangandikane Sang Yehuwah: Sira bakal ora tangi maneh saka ing paturon, kang sira turoni, awit sira mesthi bakal mati.” Nabi Elia nuli tindak.

5. Bareng para utusan mau wus padha bali ana ing ngarsane Sang Prabu, padha dipangandikani mangkene: “Yagene sira kok padha bali?”

6. Unjuke marang Sang Prabu: “Wonten tiyang ingkang nyegat dhateng kawula, kawula sami dipun cariyosi: Padha balia marang ing ngarsane ratu kang ngutus kowe lan munjuka: Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah: Apa ing Israel ora ana Gusti Allahe, dene sira nganti utusan miterang marang Baal-Zebub, allah ing Ekron? Awit saka iku sira ora bakal tangi maneh saka ing paturon kang sira turoni, amarga sira mesthi bakal mati.”

7. Sang Prabu banjur ndangu: “Kapriye rupane wong kang nemoni kowe lan ngandhakake iku marang kowe kabeh mau?”

8. Atur wangsulane: “Tiyangipun mangangge sandhangan dhiwut-dhiwut, sarta mawi sabuk wacucal ing bangkekanipun.” Sang Prabu tumuli ngandika: “Iku Elia, wong Tisbe!”

9. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur utusan sawijining opsir kalawan reh-rehane wong seket kadhawuhan nemoni Nabi Elia. Opsir mau nuli munggah sowan ing ngarsane Nabi Elia, kang lagi lenggah ana ing pucaking gunung, sarta banjur matur marang panjenengane: “He abdining Allah, Sang Prabu dhawuh: Mudhuna!”

maca bab lengkap 2 Para Raja 1