Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 7:17-22 Kitab Sutji (JAV)

17. Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun kayadene Dawud, bapakira lan nindakake apa kang cundhuk karo sakehe dhedhawuhaningSun marang sira, sarta manawa sira lestari manut miturut marang sakehe katetepan lan pranataningSun,

18. Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajanira laras karo prajanjian kang wus Sunanakake karo Dawud, bapakira, wiraose: Turunira, kang nyekel paprentahan ing Israel, bakal ora ana pedhote.

19. Nanging manawa sira padha mungkur lan ninggal sakehe katetepan lan dhawuhingSun kang wus Sunparingake marang sira sarta banjur lunga ngabekti marang allah liyane tuwin sujud lan nyembah marang iku,

20. sira bakal Sunbethot saka ing buminingSun kang wus Sunparingake marang sira, sarta padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iki bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun tuwin bakal Sundadekake pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehing bangsa,

21. apamaneh saben wong kang liwat padaleman kang banget anggone kaluhurake iki, bakal gumun lan ngucap: Apa ta sababe dene Pangeran Yehuwah nganti nandukake kang mangkene iki marang nagara kene lan marang padaleman iki?

22. Nuli bakal ana kang kandha: Amarga wong-wong padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir lan padha rumaket marang allah liyane, lan sujud sarta nyembah marang iku lan ngabekti marang iku. Iya iku sababe anggone Panjenengane banjur ndhatengake sakehe bilai iki marang wong-wong mau.”

maca bab lengkap 2 Babad 7