Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 7:12-22 Kitab Sutji (JAV)

12. Sawuse mangkono Pangeran Yehuwah ing wayah bengi ngatingal marang Sang Prabu Suleman lan ngandika marang panjenengane mangkene: “Pandonganira wus Sunpiyarsakake sarta panggonan iki wus Sunpilih kagem Ingsun minangka dalem pangorbanan.

13. Manawa Ingsun nginebake langit, satemah banjur ora ana udan, lan manawa Ingsun dhawuh marang walang-walang supaya padha mangsa pametuning bumi nganti tapis, sarta manawa Ingsun ndhatengake pageblug ana ing satengahe umatingSun,

14. mangka umatingSun kang sesebutane kapirid saka ing asmaningSun, iku tumuli ngesorake awake, ndedonga lan ngupaya marang wedananingSun sarta banjur mratobat ngunduri lakune kang ala, Ingsun bakal miyarsakake saka ing swarga lan ngapura marang dosane, apadene nagarane bakal Sunpulihake.

15. Saiki paningalingSun mirsani lan talinganingSun nilingake pandonga saka ing panggonan kene.

16. Padaleman iki saiki wus Sunpilih lan Sunsucekake, supaya asmaningSun lestari ana ing kono nganti ing salawase; paningalingSun lan panggalihingSun tansah bakal ana ing kono.

17. Anadene sira, manawa lakunira ana ing ngarsaningSun kayadene Dawud, bapakira lan nindakake apa kang cundhuk karo sakehe dhedhawuhaningSun marang sira, sarta manawa sira lestari manut miturut marang sakehe katetepan lan pranataningSun,

18. Ingsun bakal nyantosakake dhamparing karajanira laras karo prajanjian kang wus Sunanakake karo Dawud, bapakira, wiraose: Turunira, kang nyekel paprentahan ing Israel, bakal ora ana pedhote.

19. Nanging manawa sira padha mungkur lan ninggal sakehe katetepan lan dhawuhingSun kang wus Sunparingake marang sira sarta banjur lunga ngabekti marang allah liyane tuwin sujud lan nyembah marang iku,

20. sira bakal Sunbethot saka ing buminingSun kang wus Sunparingake marang sira, sarta padaleman kang wus Sunsucekake kagem asmaningSun iki bakal Sunbucal saka ing ngarsaningSun tuwin bakal Sundadekake pocapan lan pepoyokan ana ing antarane sakehing bangsa,

21. apamaneh saben wong kang liwat padaleman kang banget anggone kaluhurake iki, bakal gumun lan ngucap: Apa ta sababe dene Pangeran Yehuwah nganti nandukake kang mangkene iki marang nagara kene lan marang padaleman iki?

22. Nuli bakal ana kang kandha: Amarga wong-wong padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, kang wus ngirid metu saka ing tanah Mesir lan padha rumaket marang allah liyane, lan sujud sarta nyembah marang iku lan ngabekti marang iku. Iya iku sababe anggone Panjenengane banjur ndhatengake sakehe bilai iki marang wong-wong mau.”

maca bab lengkap 2 Babad 7