Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 6:33-42 Kitab Sutji (JAV)

33. Paduka mugi inggih karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking papan padaleman Padaleman Paduka ingkang tetep, punapadene mugi karsaa tumindak ingkang laras kaliyan sakathahing pasambatipun tiyang ngamanca wau dhumateng Paduka, supados sakathahing bangsa ing bumi sami nyumerepana dhateng ing asma Paduka, satemah lajeng sami ajrih dhumateng Paduka kadosdene umat Paduka Israel, tuwin sami mangretos, bilih asma Paduka sampun kasebut tumrap ing padaleman ingkang sampun kawula degaken punika.

34. Manawi umat Paduka nglurug perang nglawan mengsah-mengsahipun, dhatenga pundi kemawon anggen Paduka dhawuh lumampah, sarta manawi sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing kitha ingkang sampun Paduka pilih punika, saha dhateng ing padaleman ingkang sampun kawula degaken kagem asma Paduka punika,

35. mugi Paduka karsaa midhangetaken pandonga tuwin panyuwunipun saking ing swarga, punapadene Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau.

36. Manawi sami damel dosa dhumateng Paduka -- awit boten wonten manungsa ingkang boten gadhah dosa -- saha Paduka lajeng duka dhateng tiyang-tiyang punika, sami Paduka pasrahaken dhateng mengsah, satemah nunten katawan tuwin kaboyong dhateng ing nagari ingkang tebih utawi ingkang celak,

37. mbokbilih wonten ing tanah pamboyongan tumunten sami kraos ing salebeting batos lajeng sami cariyos: kula sampun sami damel dosa, sami kalepatan tuwin nglampahi duraka,

38. manawi nunten sami mratobat dhumateng Paduka kalayan gumolonging manah saha kanthi gumolonging nyawanipun wonten ing nagarinipun tiyang ingkang sami nawan lan mboyong, punapa dene sami ndedonga dhumateng Paduka kalayan madhep dhateng ing nagarinipun ingkang sampun Paduka paringaken dhateng para leluhuripun, dhateng kitha ingkang sampun Paduka pilih tuwin dhateng ing padaleman, ingkang sampun kawula degaken kagem ing asma Paduka punika,

39. Paduka mugi karsaa miyarsakaken saking ing swarga, saking ing panggenaning padaleman Paduka ingkang tetep dhateng pandonga tuwin sakathahing panyuwunipun saha Paduka mugi karsaa paring kaadilan dhateng tiyang-tiyang wau sarta karsaa paring pangapunten dhateng umat Paduka ingkang sampun damel dosa dhumateng Paduka punika.

40. Awit saking punika, dhuh Allah kawula, paningal Paduka mugi mirsanana tuwin talingan Paduka mugi nilingna dhateng pandonga ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika.

41. Wondene sapunika, dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi karsaa jumeneng saha tedhak ing papan pakendelan Paduka,Paduka kaliyan pethining karosan Paduka.Mugi para imam Paduka, dhuh Yehuwah Allah, sami sinandhangana ing karaharjan,tuwin para tiyang ingkang Paduka tresnani sami abingah-bingaha margi saking kasaenan Paduka.

42. Dhuh Yehuwah Allah, Paduka mugi sampun ngantos nampik dhateng ingkang sampun Paduka jebadi,Paduka mugi karsaa enget dhateng sakathahing sih-susetya Paduka dhumateng Rama Dawud, abdi Paduka.

maca bab lengkap 2 Babad 6