Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 6:2-14 Kitab Sutji (JAV)

2. Sapunika kawula sampun yasa padaleman kagem Paduka, ingkang kenging Paduka dalemi ing salami-laminipun.”

3. Sang Prabu banjur minger lan mberkahi pasamuwaning Israel kabeh, dene pasamuwane Israel kabeh padha ngadeg.

4. Pangandikane Sang Nata: “Pinujia Sang Yehuwah, Gusti Allahe wong Israel, kang wus nindakake kalawan astane apa kang kapangandikakake kalawan lesane marang Rama Dawud, ramaningsun, mangkene:

5. Wiwit nalika Ingsun ngirid umatingSun metu saka ing tanah Mesir, ora ana kutha kang Sunpilih ing antarane sakehe suku Israel, kanggo ngedegake padaleman, kang dadi papan padalemaning asmaningSun, lan ora ana wong kang Sunpilih prelu Sundadekake ratuning umatingSun Israel.

6. Nanging wekasane Ingsun milih Yerusalem minangka papaning padalemane asmaningSun sarta milih Dawud supaya ngwasani umatingSun Israel.

7. Nalika Rama Dawud, ramaningsun, kagungan karsa arep yasa padaleman kagem asmaning Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

8. banjur dipangandikani dening Sang Yehuwah: Sira duwe karep arep ngedegake padaleman kagem asmaningSun, karepira iku pancen becik;

9. mung bae dudu sira kang bakal yasa padaleman iku, nanging anakira dhewe kang besuk bakal lair, iku kang bakal ngedegake padaleman iku kanggo asmaningSun.

10. Dadine Pangeran Yehuwah wus netepi janji kang wus dipangandikakake; ingsun wus madeg nggentosi Rama Dawud, ramaningsun, lan wus lenggah ing dhamparing karajan Israel, kaya kang wus kapangandikakake dening Sang Yehuwah, Gusti Allahe Israel,

11. sarta wus mrenahake pethi ana ing kono, kang isi prajanjian kang wus kadamel dening Pangeran Yehuwah karo wong Israel.”

12. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur jumeneng ana ing sangarepe misbyahe Pangeran Yehuwah, ing sangarepe pasamuwane Israel kabeh, nuli ngegarake astane

13. -- awit Sang Prabu Suleman wus yasa mimbar tembaga kang dawane limang asta ambane limang asta sarta dhuwure telung asta, kang kaedegake ana ing plataran --; panjenengane jumeneng ana ing kono nuli jengkeng ana ing ngarepe pasamuwan Israel kabeh lan ngegarake astane marang ing langit,

14. kambi munjuk: “Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel! Ing swarga saha ing bumi boten wonten allah ingkang kados Paduka; Paduka ingkang nglestantunaken prajanjian saha sih-susetya dhumateng para abdi Paduka ingkang gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan gumolonging manah;

maca bab lengkap 2 Babad 6