Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 6:15-21 Kitab Sutji (JAV)

15. Paduka ingkang tansah nyepengi janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, saha ingkang sampun nindakaken kalayan asta Paduka punapa ingkang Paduka ngandikakaken kalayan lesan Paduka, kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

16. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, Paduka mugi karsaa nglestantunaken janji Paduka dhumateng Rama Dawud, rama kawula, inggih punika pangandika Paduka: Turunira bakal ora ana pedhote ana ing ngarsaningSun lan bakal lestari lungguh ing dhamparing karajan Israel, anggere anak-anakira padha tansah lumaku manut ing angger-anggeringSun kaya anggonira lumaku ana ing ngarsaningSun.

17. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi kayektosana pangandika Paduka ingkang sampun Paduka paringaken dhumateng abdi Paduka Rama Dawud.

18. Nanging punapa inggih sayektos, bilih Gusti Allah karsa dedalem nunggil kaliyan manungsa wonten ing bumi? Lah langit, malah sanadyan sainggil-inggilipun langit pisan inggih boten saged ngewrat Paduka, punapa malih padaleman ingkang kawula degaken punika.

19. Milanipun Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga saha panyuwunipun abdi Paduka punika, dhuh Yehuwah Gusti Allah kawula, Paduka mugi karsaa miyarsakaken pasambat saha pandonga, ingkang kaunjukaken dhumateng ing ngarsa Paduka dening abdi Paduka punika.

20. Paningal Paduka mugi tansah mirsanana padaleman punika, rinten kalayan dalu, tansah mirsanana panggenan ingkang Paduka ngandikakaken, bilih badhe dados padalemaning asma Paduka. Paduka mugi karsaa midhangetaken pandonga, ingkang kaunjukaken dening abdi Paduka wonten ing panggenan punika,

21. saha mugi karsaa miyarsakaken panyuwunipun abdi Paduka tuwin umat Paduka Israel ingkang kaunjukaken wonten ing panggenan punika; mugi inggih karsaa midhangetaken saking papan padaleman Paduka, saking ing swarga; punapa malih manawi Paduka midhangetaken, mugi Paduka inggih karsaa paring pangapunten.

maca bab lengkap 2 Babad 6