Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 35:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Wedhus gembel Paskah tumuli disembeleh lan para imam nyiramake getihe saka ing tangane para wong Lewi, dene para wong Lewi padha ngeleti wedhus mau.

12. Nanging kurbane obaran didhewekake, bakal dipasrahake marang golonganing wong lumrah manut golongane kulawangsane; iku kapisungsungake marang Pangeran Yehuwah kaya kang wus katulisan ana ing kitabe Nabi Musa. Mangkono uga sapi-sapine.

13. Sawuse mangkono wong-wong banjur padha manggang wedhuse gembel Paskah ana ing geni, nocogi pranatane, dene pisungsung-pisungsung suci padha kaolah ana ing kwali, ing kenceng utawa ing wajan; iku banjur enggal-enggal kaedumake marang golonganing wong lumrah kabeh.

14. Sawuse iku nuli padha ngolahake awake dhewe lan para imam, amarga para imam, yaiku para tedhake Rama Harun, padha ribut caos kurban obaran lan sakehe gajih nganti bengi. Mulane para wong Lewi padha ngolahake awake dhewe lan para imam, yaiku para tedhake Rama Harun.

15. Para juru ngidung, yaiku bani Asaf, padha ana ing papane dhewe, nocogi dhawuhe Sang Prabu Dawud, Sang Asaf, Sang Heman lan Sang Yedutun, wong sidik abdine Sang Nata mau; uga para jaga-gapura padha ana ing saben gapura. Iku ora usah padha ninggal kawajibane, amarga para sadulure, yaiku para wong Lewi, kang nyadhiyakake.

16. Kaya mangkono anggone padha nyawisake upacara pangibadah marang Pangeran Yehuwah ing dina iku, kanggo ngriyayakake Paskah lan nyaosake kurban obaran ana ing misbyahe Pangeran Yehuwah, nocogi dhawuhe Sang Prabu Yosia.

17. Ing nalika iku wong Israel kang padha ana ing kono, ngriyayakake Paskah lan dina mangan Roti Tanpa Ragi, kang suwene pitung dina.

18. Paskah kang kaya mangkono iku ora tau diriyayakake maneh ana ing Israel wiwit jamane Nabi Samuel. Ing antarane para ratune wong Israel ora ana siji bae kang tau ngriyayakake Paskah kaya kang diriyayakake dening Sang Prabu Yosia karo para imam lan para wong Lewi, sarta karo sakehe wong Yehuda lan Israel kang padha bisa nekani, tuwin karo para wong kang padha manggon ing Yerusalem.

19. Paskah mau diriyayakake ing taun kang kaping wolulase paprentahane Sang Prabu Yosia.

maca bab lengkap 2 Babad 35