Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 32:12-32 Kitab Sutji (JAV)

12. Rak Hizkia iku ta kang nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan misbyahe Pangeran Yehuwah iku lan kang tutur marang Yehuda lan Yerusalem: Sira mung kudu sujud lan nyembah ana ing ngarepe misbyah siji lan ngobong kurban ana ing kono?

13. Apa sira ora padha sumurup, apa kang suntandukake marang sakehing bangsa ing nagara-nagara liya? Apa para allahe bangsa-bangsa ing nagara iku wus tau bisa nguwalake nagarane saka ing astaningsun?

14. Panunggalane sakehe allahe bangsa-bangsa kang wus katumpes dening para leluhuringsun iku, sapa kang bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun? Apa iya Allahira bisa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun?

15. Mulane saiki, aja nganti Hizkia ngapusi lan mbujuk sira kalawan patrap mangkene iki! Sira aja padha ngandel marang dheweke, amarga ora ana allahe bangsa utawa karajan ngendi bae kang bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun lan saka ing astane para leluhuringsun, apa maneh Allahira iku, mangsa bisaa ngluwari sira kabeh saka ing astaningsun!”

16. Lan isih akeh maneh kang diucapake para punggawane Sang Prabu Sanherib mau, kang nglawan Pangeran Yehuwah Allah lan Sang Prabu Hizkia, abdine.

17. Sang Prabu Sanherib uga damel serat kang kebak panacad lan pangala-ala marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel, kang surasane mangkene: “Kayadene para allahe bangsa-bangsa sakehe nagara liya ora bisa ngluwari bangsane saka ing astaningsun, mangkono uga Allahe Hizkia iya ora bakal bisa nguwalake bangsane saka ing astaningsun.”

18. Sarta maneh para punggawa mau padha nguwuh-uwuh kalawan swara seru ing basa Yehuda marang rakyat Yerusalem kang ana ing sadhuwure tembok, kanggo memedeni lan gawe girise, supaya bisa ngrebut kutha iku.

19. Anggone padha ngandhakake bab Gusti Allahe Yerusalem iku padha kaya tumrap para allahe bangsa-bangsa liya, gaweaning tangane manungsa.

20. Marga saka iku Sang Prabu Hizkia lan Nabi Yesaya bin Amos banjur ndedonga lan sesambat marang ing swarga.

21. Pangeran Yehuwah nuli ngutus malaekat kang nyirnakake sakehing prawira kang gagah prakosa, para pangarep lan panggedhening wadya-bala kang ana ing pakuwone Sang Nata ing Asyur, satemah banjur padha bali menyang nagarane kalawan nandhang kawirangan. Sang Prabu kasedanan kalawan pedhang dening para putrane piyambak nalika lumebu ing kabuyutane allahe.

22. Kaya mangkono anggone Pangeran Yehuwah ngluwari Sang Prabu Hizkia lan para wong kang manggon ing Yerusalem saka ing astane Sang Prabu Sanherib, ratu ing Asyur, lan saka ing tangane sakehe mungsuhe. Sarta Panjenengane ngganjar katentreman marang wong kabeh ana ing ngendi-endi.

23. Akeh wong kang padha nggawa pisungsung menyang ing Yerusalem kagem Pangeran Yehuwah lan barang-barang kang pengaji kagem Sang Prabu Hizkia, ratu ing Yehuda mau. Wiwit nalika samana panjenengane kaluhurake dening sakehe bangsa.

24. Kacarita ing dina-dina iku Sang Prabu Hizkia banjur gerah, nganti meh seda. Sang Prabu nuli ndedonga marang Pangeran Yehuwah, sarta Pangeran Yehuwah banjur ngandika marang panjenengane lan maringi sawijining pratandha kang elok.

25. Nanging Sang Prabu Hizkia ora ngatingalake panuwune tumrap kasaenan kang kaparingake marang panjenengane, marga Sang Nata dadi angkuh, satemah panjenengane lan Yehuda sarta Yerusalem banjur katempuh ing bebendu.

26. Nanging Sang Prabu tumuli ngrumaosi ing angkuhe mau tuwin banjur ngesorake sarirane, iya panjenengane iya para wong kang manggon ing Yerusalem, satemah bebenduning Pangeran Yehuwah ora tumempuh ing jamane Sang Prabu Hizkia.

27. Sang Prabu Hizkia kaparingan kasugihan lan kamulyan kang gedhe banget. Sang Prabu nuli yasa gedhong-gedhong kanggo nyimpen barang-barang emas, selaka lan sesotya kang larang-larang, anggi-anggi, tameng-tameng lan sawernane barang kang endah-endah,

28. uga gedhong-gedhong kanggo nyimpen pametuning gandum, anggur lan lenga, sarta kandhang-kandhang kanggo kewan kang gedhe-gedhe lan kandhang-kandhang kanggo pepanthan-pepanthan wedhus.

29. Sang Prabu yasa kutha-kutha sarta banjur kagungan wedhus lan sapi akeh, marga Gusti Allah paring raja-brana akeh banget marang panjenengane.

30. Sang Prabu Hizkia uga wus dhawuh mbendhung ilen-ilen Gihon ing sisih dhuwur, lan kailekake mangulon, menyang ing kuthane Sang Prabu Dawud. Sakehe pambudidayane Sang Prabu Hizkia oleh gawe.

31. Mangkono uga para utusane ratu-ratu ing Babil padha sowan ing ngarsane prelu munjuk pitakon bab pratandha kang elok kang wus kelakon ana ing nagara; ing nalika iku Gusti Allah nilar panjenengane kanggo nyobi, supaya tetelaa apa kang ana ing sajroning panggalihe.

32. Anadene kekarene riwayate Sang Prabu Hizkia lan pandamel-pandamele kang nelakake kasetyane, lah iku kabeh katulisan ana ing Wahyune Nabi Yesaya bin Amos, ing layang bab para ratu ing Yehuda lan ing Israel.

maca bab lengkap 2 Babad 32