Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 31:8-21 Kitab Sutji (JAV)

8. Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe nuli padha rawuh mirsani tumpukan iku tuwin padha ngalembana marang Pangeran Yehuwah lan umate, yaiku wong Israel.

9. Sang Prabu Hizkia ndangu marang para imam lan para wong Lewi bab tumpukan iku,

10. dene Imam Agung Azarya, tedhake Sang Zadhok, ngunjukake wangsulan mangkene: “Wiwit nalika pisungsung mligi punika kasaosaken dhateng ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kawula sampun sami nedha ngantos tuwuk sanget, ewasamanten taksih tirah kathah sanget, amargi Sang Yehuwah sampun maringi berkah dhateng umatipun, satemah lajeng wonten tirahan ingkang samanten kathahipun punika.”

11. Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh nyawisake kamar-kamar ana ing padalemaning Sang Yehuwah, lan iku iya nuli kacawisake.

12. Anadene wong-wong padha setya anggone masrahake mrono sakehe pisungsung-mligi, pisungsung pra-sapuluhan lan pisungsung-pisungsung suci. Khonanya, sawijining wong Lewi, kang rumeksa marang iku kabeh, lan Simei, sadulure, iku sorsorane,

13. dene Yehiel, Azarya, Nahat, Asahel, Yerimot, Yozabad, Eliel, Yismakhya, Makhat lan Benaya, iku padha dadi penilik, andhahane Khonanya lan Simei, sadulure mau, cundhuk karo pitedahe Sang Prabu Hizkia lan Imam Agung Azarya, kepalaning padalemane Pangeran Yehuwah.

14. Sabanjure Kore bin Yimna, sawijining wong Lewi, dadi jaga gapura wetan, niti-priksa pisungsung-pisungsung manasuka kagem Gusti Allah, sarta ngedum-edum pisungsung-mligi kang kagem Pangeran Yehuwah lan pisungsung-pisungsung suci pinunjul.

15. Ana ing kutha-kuthane para imam dheweke dibiyantu kalawan setya dening Eden, Minyamin, Yesua, Semaya, Amarya lan Sekhanya ing bab ngedum-edum mau marang para sadulur miturut gelengane, marang para wong diwasa lan bocah-bocah,

16. kajaba marang saben wong kang lumebu ing padalemaning Sang Yehuwah, manut dina-dina kang katetepake, manut kawajiban kang kapasrahake, lan manut golongane, yaiku para wong lanang kang kacathetan ana ing dhaftar, kang umure telung taun munggah.

17. Para imam padha dicatheti ana ing dhaftar manut kulawangsane, dene para wong Lewi kang umure rong puluh taun munggah dicatheti manut kawajiban lan golongane.

18. Para imam kacathetan dalah sabrayate kabeh, yaiku: bojo, anak lanang lan wadon, dadi sagelengane kabeh, amarga kalawan tumemen anggone padha nucekake awake minangka pisungsung kang suci.

19. Tumrap tedhake Rama Harun, yaiku para imam, kang padha manggon ing pangonan-pangonan ing sakubenge kutha-kuthane, ing saben kutha ana wong-wong kang kalawan dipratelakake jenenge, tinuding ngedum-edum marang saben wong lanang gegelitaning brayat imam lan marang saben wong Lewi kang klebu ing dhaftar.

20. Kaya mangkono kang katindakake dening Sang Prabu Hizkia ana ing satanah Yehuda kabeh. Panjenengane nglampahi apa kang becik, kang jujur lan apa kang bener ana ing ngarsaning Sang Yehuwah, Gusti Allahe.

21. Saben arep miwiti pakaryan kang lumadi marang padelemaning Allah, lan kang tumuju marang tumindaking Toret lan pepakening Allah, panjenengane ngupadi marang Gusti Allahe. Samubarang kabeh dilampahi kalawan gumolonging panggalih, mulane sakehe pambudi-dayane angsal damel.

maca bab lengkap 2 Babad 31