Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 31:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Sang Nata paring pasumbang saka barang kagungane kanggo kurban obaran, yaiku: kurban obaran ing wektu esuk lan ing wanci sore, kurban obaran ing dina-dina Sabat lan ing sasi-sasi anyar lan ing dina-dina gedhe; iku kabeh katulisan ana ing Torete Pangeran Yehuwah.

4. Sabanjure panjenengane paring dhawuh marang rakyat, yaiku wong kang padha manggon ing Yerusalem, supaya ngaturake pasumbang kang dadi pandumane para imam lan para wong Lewi, amrih bisa ngesokake kakuwatane kanggo nindakake Toreting Sang Yehuwah.

5. Bareng undhang-undhang mau wus sumebar, wong Israel banjur enggal-enggal masrahake pametune kang kawitan tumrap gandum, anggur, lenga, madu lan sawernane wuluwetuning bumi nganti akeh. Kajaba iku uga masrahake pisungsung pra-sapuluhane samubarang kabeh nganti akeh.

6. Wong Israel lan wong Yehuda kang padha manggon ing kutha-kutha ing tanah Yehuda uga masrahake pisungsung pra-sapuluhan, awujud sapi lan wedhus, lan pisungsung pra-sapuluhan kang arupa pisungsung suci kang wus kasucekake kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe. Kabeh iku diselehake nganti tumpuk-tumpuk.

7. Anggone miwiti nata tumpukan iku ing sasi katelu, dene rampunge ing sasi kapitu.

8. Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe nuli padha rawuh mirsani tumpukan iku tuwin padha ngalembana marang Pangeran Yehuwah lan umate, yaiku wong Israel.

9. Sang Prabu Hizkia ndangu marang para imam lan para wong Lewi bab tumpukan iku,

10. dene Imam Agung Azarya, tedhake Sang Zadhok, ngunjukake wangsulan mangkene: “Wiwit nalika pisungsung mligi punika kasaosaken dhateng ing padalemaning Pangeran Yehuwah, kawula sampun sami nedha ngantos tuwuk sanget, ewasamanten taksih tirah kathah sanget, amargi Sang Yehuwah sampun maringi berkah dhateng umatipun, satemah lajeng wonten tirahan ingkang samanten kathahipun punika.”

11. Sang Prabu Hizkia banjur dhawuh nyawisake kamar-kamar ana ing padalemaning Sang Yehuwah, lan iku iya nuli kacawisake.

12. Anadene wong-wong padha setya anggone masrahake mrono sakehe pisungsung-mligi, pisungsung pra-sapuluhan lan pisungsung-pisungsung suci. Khonanya, sawijining wong Lewi, kang rumeksa marang iku kabeh, lan Simei, sadulure, iku sorsorane,

13. dene Yehiel, Azarya, Nahat, Asahel, Yerimot, Yozabad, Eliel, Yismakhya, Makhat lan Benaya, iku padha dadi penilik, andhahane Khonanya lan Simei, sadulure mau, cundhuk karo pitedahe Sang Prabu Hizkia lan Imam Agung Azarya, kepalaning padalemane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Babad 31