Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 31:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng samubarang kabeh wus rampung, wong Israel kang ana ing kono kabeh padha mider-mider ing kutha-kutha ing tanah Yehuda, banjur padha ngrusak sakehe tugu brahala, nyirnakake sakehe saka brahala lan ngrubuhake sakehe tengger pangurbanan lan misbyah ing satanah Yehuda lan Benyamin kabeh, uga kang ana ing Efraim lan Manasye, nganti sirna kabeh. Sawuse mangkono wong Israel kabeh banjur padha mulih menyang ing kutha-kuthane, menyang ing ebeke dhewe-dhewe.

2. Sang Prabu Hizkia tumuli merang-merang para imam lan para wong Lewi, didadekake golongan-golongan manut kawajibane dhewe-dhewe tumrap imam lan tumrap wong Lewi, ing bab saos kurban obaran lan kurban slametan, bab ngucap sokur lan ing bab ngidungake pepujian sarta ing bab leladi ana ing gapura-gapura ing papan patarubaning Yehuwah.

3. Sang Nata paring pasumbang saka barang kagungane kanggo kurban obaran, yaiku: kurban obaran ing wektu esuk lan ing wanci sore, kurban obaran ing dina-dina Sabat lan ing sasi-sasi anyar lan ing dina-dina gedhe; iku kabeh katulisan ana ing Torete Pangeran Yehuwah.

4. Sabanjure panjenengane paring dhawuh marang rakyat, yaiku wong kang padha manggon ing Yerusalem, supaya ngaturake pasumbang kang dadi pandumane para imam lan para wong Lewi, amrih bisa ngesokake kakuwatane kanggo nindakake Toreting Sang Yehuwah.

5. Bareng undhang-undhang mau wus sumebar, wong Israel banjur enggal-enggal masrahake pametune kang kawitan tumrap gandum, anggur, lenga, madu lan sawernane wuluwetuning bumi nganti akeh. Kajaba iku uga masrahake pisungsung pra-sapuluhane samubarang kabeh nganti akeh.

6. Wong Israel lan wong Yehuda kang padha manggon ing kutha-kutha ing tanah Yehuda uga masrahake pisungsung pra-sapuluhan, awujud sapi lan wedhus, lan pisungsung pra-sapuluhan kang arupa pisungsung suci kang wus kasucekake kagem Sang Yehuwah, Gusti Allahe. Kabeh iku diselehake nganti tumpuk-tumpuk.

7. Anggone miwiti nata tumpukan iku ing sasi katelu, dene rampunge ing sasi kapitu.

8. Sang Prabu Hizkia lan para panggedhe nuli padha rawuh mirsani tumpukan iku tuwin padha ngalembana marang Pangeran Yehuwah lan umate, yaiku wong Israel.

9. Sang Prabu Hizkia ndangu marang para imam lan para wong Lewi bab tumpukan iku,

maca bab lengkap 2 Babad 31