Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 30:7-21 Kitab Sutji (JAV)

7. Aja padha tumindak kaya para leluhurmu lan para sadulurmu kang padha ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, satemah banjur ngalami rusak nggegirisi kaya kang wus padha kokdeleng dhewe iku.

8. Lah saiki aja padha ngakokake githokmu, kaya para leluhurmu. Masrahna awakmu marang Pangeran Yehuwah lan padha menyanga ing pasucen kang wus kasucekake kanggo ing salawas-lawase sarta padha ngabektia marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, supaya bebendune kang mulad-mulad sumingkira saka ing kowe kabeh.

9. Amarga manawa kowe padha bali marang Pangeran Yehuwah, para sadulurmu lan anak-anakmu bakal oleh sih-piwelas saka wong-wong kang padha nawan, satemah padha bali menyang ing nagara kene. Amarga Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, iku asipat asih lan welasan: Panjenengane ora bakal ngengokake wedanane saka kowe, manawa kowe padha bali marang Panjenengane.”

10. Nalika para utusan-kilat iku padha mider-mider ing kutha-kutha, ngliwati tanah Efraim lan Manasye nganti tekan ing Zebulon, padha digeguyu lan dipoyoki.

11. Nanging panunggalane wong Asyer, Manasye lan Zebulon ana sawatara kang ngesorake awake lan padha teka ing Yerusalem.

12. Ana ing Yehuda pranyata manawa astane Gusti Allah nggemblengake atine wong-wong anggone padha nglakoni dhawuhe Sang Prabu sarta para panggedhe, cundhuk karo pangandikaning Yehuwah.

13. Wong akeh kang nglumpuk ana ing Yerusalem, nganti dadi pasamuwan kang gedhe banget, padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi ing sasi kang kapindho.

14. Nuli padha tumandang nyingkirake misbyah-misbyah kang ana ing Yerusalem; uga sakehe misbyah kurban padupan disingkirake lan kabuwang menyang ing Lebak Kidron.

15. Sawuse iku banjur padha nyembeleh wedhus gembel Paskah ing tanggal patbelas sasi kapindho. Para imam lan para wong Lewi padha rumangsa isin, tumuli padha nucekake awake sarta nggawa kurban obaran menyang ing padalemaning Yehuwah.

16. Padha ngadeg ing papane manut pranatan kang tumindak kanggo wong-wong iku dhewe-dhewe, nocogi Torete Nabi Musa, abdining Allah; para imam padha nyiramake getih kang digawa dening para wong Lewi.

17. Ing sarehne ing satengahe pasamuwan akeh kang ora nucekake awake, satemah dadi kawajibane wong Lewi nyembeleh wedhus-wedhus gembel Paskah kanggo saben wong kang ora nucekake awake kagem Pangeran Yehuwah, marga padha najis.

18. Amarga rakyat -- kang akeh saka Efraim, Manasye, Isakhar lan Zebulon -- akeh banget kang ora nucekake awake. Ewadene padha mangan Paskah, sanadyan ora cocog karo apa kang katulis. Nanging Sang Prabu Hizkia ndongakake wong-wong mau, unjuke: “Pangeran Yehuwah, ingkang asih-darma, mugi karsaa paring pangapunten dhateng

19. sakathahing tiyang ingkang kalayan saestu anggenipun gadhah kekajengan madosi Gusti Allah, inggih punika Pangeran Yehuwah, Gusti Allahing para leluhuripun, sanadyan kasucenipun boten timbang kaliyan papan pasucen.”

20. Pangeran Yehuwah midhangetake marang Sang Prabu Hizkia lan bangsa iku kepareng lestari slamet.

21. Pitung dina lawase wong Israel kang ana ing Yerusalem anggone padha ngriyayakake dina gedhe mangan roti tanpa ragi kalawan kabungahan kang gedhe, dene para wong Lewi lan para imam saben dina padha ngrepekake kidung pepujian kagem Pangeran Yehuwah kalawan ngetog kakuwatan.

maca bab lengkap 2 Babad 30