Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 26:8-18 Kitab Sutji (JAV)

8. Wong Amon padha caos bulubekti marang Sang Prabu Uzia. Asmane misuwur nganti tekan ing Mesir, marga saka kakiyatane kang linuwih.

9. Sang Prabu Uzia yasa panggung ana ing Yerusalem ana ing sadhuwure Gapura Pojok, ing sadhuwure Gapura Lebak lan ing sadhuwure Padon, sarta iku padha disantosani.

10. Panjenengane uga yasa panggung ana ing pasamunan lan dhawuh ndhudhuk sumur akeh, amarga raja-kayane akeh ana ing Tanah Ngare lan ana ing Tanah Warata Dhuwur. Sang Prabu uga kagungan abdi-abdi tani lan tukang jaga kebon anggur ana ing pagunungan lan ing tanah kang subur, awit panjenengane remen tetanen.

11. Kajaba iku Sang Prabu Uzia kagungan wadya-bala kang sembada ing perang, kang manawa maju perang kadadekake golongan-golongan manut cacahe wong kang dipengeti dening abdi dalem panitra Yeiel lan abdi dalem juru tata-usaha Maaseya, kang dipanggedheni dening Sang Hananya, salah sawijine tetindhihe perang Sang Prabu.

12. Para lelurahing kulawangsa, para prawira kang gagah prakosa, iku gunggunge kabeh ana rong ewu nem atus.

13. Iku padha manggedheni wadya-bala, kang cacahe ana wong telung atus pitu ewu limang atus, kang padha prawira ing perang sarta siyaga mbiyantu Sang Prabu nanggulangi mungsuh.

14. Sang Prabu Uzia maringi marang wadya-balane mau kabeh tameng, tumbak, topong, kere, gendhewa lan watu kanggo mbandhil.

15. Ana ing Yerusalem Sang Prabu uga yasa pirantining perang, kang kena kanggo nglepasake panah lan watu gedhe. Iku gaweane tukang kang ahli. Piranti iku kadekek ing sadhuwure panggung lan ing pojok-pojok. Asmane Sang Prabu dadi misuwur nganti tekan nagara-nagara kang adoh, amarga panjenengane kaparingan pitulungan kalawan ngeram-eramake, satemah dadi santosa.

16. Bareng Sang Nata wus santosa, banjur gumunggung lan nindakake bab kang gawe rusak. Panjenengane ora setya maneh marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, sarta kumawani lumebet ing Padaleman Suci prelu mbesmi dupa ana ing misbyah padupan.

17. Nanging Imam Agung Azarya ngetutake ana ing sawingkinge, kadherekake imaming Yehuwah wolung puluh, para wong kang tatag.

18. Nuli padha ngadeg ana ing ngarsane Sang Prabu Uzia lan matur: “Dhuh, Sang Prabu Uzia, paduka boten kagungan wewenang mbesmi dupa kagem Pangeran Yehuwah, namung para imam tedhakipun Rama Harun ingkang sampun kasucekaken, ingkang wenang mbesmi dupa! Paduka kawula aturi miyos saking papan suci punika. Paduka sampun boten setya malih. Paduka boten badhe angsal kaluhuran saking Pangeran Yehuwah Allah margi saking prakawis punika.”

maca bab lengkap 2 Babad 26