Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 26:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Wong Yehuda sabangsa kabeh tumuli padha nambut Pangeran Uzia, kang lagi yuswa nembelas taun, kajumenengake ratu nggentosi kang rama, Prabu Amazia.

2. Panjenengane nyantosani kutha Elot dibalekake marang Yehuda, yaiku sawuse Sang Nata kepareng aso nunggil karo para leluhure.

3. Pangeran Uzia nalika jumeneng ratu yuswa nembelas taun, dene anggone ngasta paprentahan ana ing Yerusalem lawase seket loro taun. Kang ibu asma Yekholya, saka ing Yerusalem.

4. Sang Prabu nglampahi apa kang bener ana ing paningaling Yehuwah, trep kaya kang dilampahi Sang Prabu Amazia, kang ramane.

5. Panjenengane ngupadi marang Gusti Allah sajege Imam Agung Zakharia, kang mulang muruk marang panjenengane supaya ajrih asih marang Gusti Allah. Lan salawase Sang Prabu ngupaya marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allah ndadosake sakehe pambudidayane oleh gawe.

6. Sang Prabu nglurug perang nglawan wong Filisti lan nggempur tembok Gat, Yabne sarta Asdod, banjur ngedegake kutha-kutha ana ing sakubenge Asdod tuwin ing wilayahe wong Filisti liyane.

7. Anggone merangi wong Filisti, wong Arab kang manggon ing Gur-Baal, lan wong Meunim, Sang Nata kaparingan pitulungan dening Gusti Allah.

8. Wong Amon padha caos bulubekti marang Sang Prabu Uzia. Asmane misuwur nganti tekan ing Mesir, marga saka kakiyatane kang linuwih.

9. Sang Prabu Uzia yasa panggung ana ing Yerusalem ana ing sadhuwure Gapura Pojok, ing sadhuwure Gapura Lebak lan ing sadhuwure Padon, sarta iku padha disantosani.

10. Panjenengane uga yasa panggung ana ing pasamunan lan dhawuh ndhudhuk sumur akeh, amarga raja-kayane akeh ana ing Tanah Ngare lan ana ing Tanah Warata Dhuwur. Sang Prabu uga kagungan abdi-abdi tani lan tukang jaga kebon anggur ana ing pagunungan lan ing tanah kang subur, awit panjenengane remen tetanen.

maca bab lengkap 2 Babad 26