Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 25:3-13 Kitab Sutji (JAV)

3. Bareng pangwasaning karajan wus santosa ana ing astane, para punggawa kang nyedani Sang Nata, kang rama, padha dipateni.

4. Nanging anak-anake ora diukum pati, awit Sang Nata nindakake apa kang katulisan ing sajroning Toret, yaiku kitabe Nabi Musa, kang uga isi dhawuhe Pangeran Yehuwah: “Aja ana bapa kang mati marga saka anake, lan uga aja ana anak kang mati marga saka bapakne, nanging saben wong matine kudu marga dosane dhewe.”

5. Sang Amazia banjur nglempakake wong Yehuda, yaiku wong Yehuda lan Benyamin kabeh, padha didhawuhi ngadeg manut para kulawangsane, dipanggedheni dening tetindhihing wadya-bala sewu lan para tetindhihing wadya-bala satus. Bareng kaetung dening Sang Nata wong kang umur rong puluh taun munggah, tinemune ana nonoman telung atus ewu kang sembada ing perang kalawan sikep tumbak lan tameng.

6. Kajaba saka iku panjenengane nyewa saka Israel wong prawira kang gagah prakosa cacahe satus ewu, sewane satus talenta selaka.

7. Nanging nuli ana abdining Allah kang sowan marang ing ngarsane sarta munjuk: “Dhuh, Sang Prabu, sampun ngantos marengaken wadya-bala Israel nunggil kaliyan gusti kawula, awit Pangeran Yehuwah boten nunggil kaliyan Israel, inggih punika sakathahing bani Efraim punika.

8. Dene manawi punika meksa katunggilaken, sanadyan kados pundi kemawon tumindak paduka saha kakiyatan paduka ing salebeting peperangan, Gusti Allah badhe ndhawahaken paduka wonten ing ngajenging mengsah, amargi Gusti Allah punika kagungan pangwaos mitulungi tuwin ndhawahaken!”

9. Sang Prabu Amazia tumuli ngandika marang abdining Allah mau: “Lah banjur kapriye dhuwit satus talenta kang wus sunparingake marang wadya-bala Israel iku?” Atur wangsulane abdining Allah: “Pangeran Yehuwah saged maringi dhumateng paduka langkung saking samanten!”

10. Sang Prabu Amazia nuli misah wadya-bala kang saka Efraim lan nunggil karo panjenengane mau, padha kadhawuhan bali menyang ing papan padunungane. Wong-wong iku banjur nepsu banget marang Yehuda. Anggone padha mulih kalawan nepsu ngigit-igit.

11. Sang Prabu Amazia ngatingalake kekendelane, panjenengane mangagengi rakyate kalurugake menyang ing Lebak Asin lan nggecak panunggalane wong bani Seir sapuluh ewu.

12. Kajaba iku ana wong sapuluh ewu kan ditawan urip-uripan dening bani Yehuda kang banjur kagawa menyang ing pucake sawijining gunung parang, tumuli dijorogake mangisor saka ing pucaking gunung parang iku, satemah padha ajur mumur kabeh.

13. Nanging para wong saka wadya-bala kang didhawuhi mulih dening Sang Prabu Amazia, kang ora diparengake ndherek perang panjenengane, iku padha nempuh kutha-kutha ing Yehuda saka ing Samaria nganti tekan ing Bet-Horon sarta mateni wong kang manggon ing kono telung ewu tuwin ngrampas jarahan akeh.

maca bab lengkap 2 Babad 25