Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 24:5-14 Kitab Sutji (JAV)

5. Para imam lan para wong Lewi padha diklempakake lan dipangandikani mangkene: “Sira padha mider-midera ing kutha-kutha ing Yehuda sarta nglumpukna dhuwit saka wong Israel kabeh kanggo ndandani padalemaning Gusti Allahira saben taun. Iku enggal sira tindakna!” Nanging para wong Lewi ora enggal-enggal nglakoni dhawuh iku.

6. Sang Prabu nuli nimbali Imam Agung Yoyadha sarta ndangu marang panjenengane: “Punapa sababipun, dene panjenengan kok boten mundhut dhateng para tiyang Lewi supados sami nglempakaken paos wonten ing Yehuda saha ing Yerusalem, ingkang katetepaken dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap pasamuwan Israel kangge Tarub papaning angger-anggeripun Gusti Allah?

7. Amargi para putranipun eyang Atalya, wanita duraka punika, sami ngrisak padalemaning Allah, malah sami ngginakaken barang-barang suci ing padalemaning Yehuwah kangge para Baal.”

8. Sawuse mangkono Sang Prabu banjur dhawuh gawe pethi kang didekek ing sangarepe gapuraning padalemane Pangeran Yehuwah,

9. sarta nuli dhawuh ngumumake ana ing Yehuda lan ing Yerusalem, manawa wong kudu asok pajeg kagem Pangeran Yehuwah, kang ditetepake dening Nabi Musa, abdining Allah, tumrap wong Israel ana ing pasamunan.

10. Sakehing panggedhe lan rakyat kabeh padha bungah; padha teka karo nggawa pajege, dilebokake ing pethi mau nganti kebak.

11. Saben-saben pethi digawa lumebu prelu dipriksa dening para wong Lewi atas asmane Sang Prabu, lan manawa wus katon isi dhuwit akeh, panitrane Sang Prabu lan para kang dikwasakake dening Imam Agung padha teka ngwetokake isining pethi mau, nuli dibalekake marang ing panggonane maneh. Kaya mangkono iku saben-saben katindakake, lan akeh dhuwit kang diklumpukake.

12. Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.

13. Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.

14. Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Babad 24