Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 24:19-24 Kitab Sutji (JAV)

19. Nanging Sang Yehuwah utusan para nabi marang wong-wong mau, supaya padha mratobat marang Panjenengane. Para nabi mau banget-banget anggone ngengetake, nanging ora padha gelem ngrungokake.

20. Rohing Allah banjur menuhi Imam Zakharia, putrane Imam Agung Yoyadha; iku jumeneng ana ing ngarepe rakyat lan ngandika: “Mangkene pangandikane Gusti Allah: Yagene sira padha nerak marang pepakening Yehuwah, nganti sira padha ora kadunungan kabegjan? Sarehne sira padha ninggal Pangeran Yehuwah, mulane Panjenengane iya nilar sira.”

21. Nanging nuli padha sekuthon lumawan marang panjenengane lan awit saka dhawuhe Sang Prabu banjur padha mbenturi watu panjenengane ana ing platarane padalemane Pangeran Yehuwah.

22. Sang Prabu Yoas ora ngengeti marang kasetyane Imam Agung Yoyadha, kang ramane Imam Zakharia, marang panjenengane. Sang Nata nyedani putrane Imam Agung Yoyadha, kang nalika sedane ngandika: “Pangeran Yehuwah muga nguningana lan paring piwales!”

23. Kacarita nalika salining taun wadya-bala Aram nglurugi Sang Prabu Yoas sarta lumebu ing Yehuda lan Yerusalem, sakehe panggedhe bangsa padha disedani nganti entek lan sakehe jarahan dikirimake marang Sang Nata ing Damsyik.

24. Sanadyan wadya-bala Aram iku mung sathithik, nanging Pangeran Yehuwah ngulungake wadya-bala kang gedhe banget iku marang wong-wong mau, amarga wong Yehuda wus padha ninggal Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure. Kaya mangkono dadine wong Aram padha nibakake paukuman marang Sang Prabu Yoas.

maca bab lengkap 2 Babad 24