Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 24:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Saben-saben pethi digawa lumebu prelu dipriksa dening para wong Lewi atas asmane Sang Prabu, lan manawa wus katon isi dhuwit akeh, panitrane Sang Prabu lan para kang dikwasakake dening Imam Agung padha teka ngwetokake isining pethi mau, nuli dibalekake marang ing panggonane maneh. Kaya mangkono iku saben-saben katindakake, lan akeh dhuwit kang diklumpukake.

12. Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha masrahake dhuwit mau marang kang manggedheni pagaweaning padalemaning Yehuwah. Iki banjur padha menehake dhuwit iku marang para tukang natah lan para tukang kayu minangka opah anggone ndandani padalemaning Yehuwah; uga marang para tukang besi lan tembaga kang padha ndandani padalemaning Yehuwah.

13. Sawuse mangkono tukang-tukang mau padha wiwit nyambut gawe; tumindaking pagawean rancag kagarap ing wong-wong iku. Padalemaning Allah kabangun maneh manut kaanane sakawit lan disantosakake.

14. Bareng wus rampung, turahane dhuwit dicaosake marang Sang Prabu lan Imam Agung Yoyadha. Dhuwit iku dianggo gawe prabot-praboting padalemaning Pangeran Yehuwah, yaiku: piranti-piranti kanggo nganakake kebaktian, piranti-piranti kanggo caos kurban obaran, uga piring-piring lan piranti-piranti emas lan selaka. Sajege sugenge Imam Agung Yoyadha kurban obaran ajeg kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah.

15. Kacarita Imam Agung wus sepuh lan wus akeh banget yuswane, nuli seda. Sedane nalika yuswa satus telung puluh taun,

16. banjur disarekake ana ing kuthane Sang Prabu Dawud sandhing para ratu, marga saka pandamel-pandamele kang becik ana ing tanah Israel kang tumuju marang Gusti Allah lan padalemane.

17. Sasedane Imam Agung Yoyadha, para panggedhe ing Yehuda padha sowan lan sumungkem ana ing ngarsane Sang Prabu. Wiwit nalika iku Sang Prabu kang dipidhangetake ature wong-wong iku,

18. dadine banjur padha ninggal padalemaning Yehuwah, Gusti Allahe para leluhure, sarta tumuli padha nyembah marang tugu-tugu brahala lan reca-reca brahala. Marga saka kaluputane iku Yehuda lan Yerusalem katiban ing bebendu.

19. Nanging Sang Yehuwah utusan para nabi marang wong-wong mau, supaya padha mratobat marang Panjenengane. Para nabi mau banget-banget anggone ngengetake, nanging ora padha gelem ngrungokake.

20. Rohing Allah banjur menuhi Imam Zakharia, putrane Imam Agung Yoyadha; iku jumeneng ana ing ngarepe rakyat lan ngandika: “Mangkene pangandikane Gusti Allah: Yagene sira padha nerak marang pepakening Yehuwah, nganti sira padha ora kadunungan kabegjan? Sarehne sira padha ninggal Pangeran Yehuwah, mulane Panjenengane iya nilar sira.”

21. Nanging nuli padha sekuthon lumawan marang panjenengane lan awit saka dhawuhe Sang Prabu banjur padha mbenturi watu panjenengane ana ing platarane padalemane Pangeran Yehuwah.

maca bab lengkap 2 Babad 24