Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 21:11-19 Kitab Sutji (JAV)

11. Sarta maneh panjenengane yasa tengger-tengger pangurbanan ana ing gunung-gunung ing tanah Yehuda. Wong kang padha manggon ing Yerusalem padha dibujuk supaya laku jina lan wong Yehuda padha disasarake.

12. Nuli ana layang kang diaturake marang panjenengane saka Nabi Elia kang mangkene surasane: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Sang Prabu Dawud, leluhur dalem: Ing sarehne sira ora lumaku ing dalane Yosafat, bapakira lan Asa, ratu ing Yehuda,

13. nanging ngenut ing lakune para ratu ing Israel lan mbujuk Yehuda lan para wong ing Yerusalem supaya laku jina, padha kaya kang ditindakake dening brayate Akhab, mangkono uga sarehne sira wus mateni para sadulurira, sakehe turune bapakira kang luwih becik tinimbang karo sira,

14. mulane Pangeran Yehuwah bakal ndhatengake wewelak gedhe marang rakyatira, anak-anakira, para bojonira, apadene marang sakehe barang darbekira.

15. Dene sira dhewe bakal nandhang lelara kang nggegirisi, sawijining lelara usus, satemah manawa wis sawetara mangsa ususira bakal metu marga saka lelara iku.”

16. Pangeran Yehuwah banjur nenangi atine wong Filisti lan wong Arab kang manggon cedhak karo wong Etiopia supaya padha nglawan Sang Prabu Yoram.

17. Iku nuli padha nglurug nglawan Yehuda, padha lumebu mrono lan ngusungi sakehe barang darbe kang tinemu ana ing kratone Sang Prabu, minangka jarahan, uga para putra lan para garwane, satemah ora ana putra siji bae kari kajaba Pangeran Yoas, putrane kang wuragil.

18. Sawuse iku kabeh kelakon Pangeran Yehuwah banjur ndhawahake wewelak marang Sang Nata arupa lelara usus, kang ora bisa mari.

19. Let sawetara mangsa, kira-kira sawuse rong taun, ususe padha metu marga saka gerahe mau, wasana banjur seda kalawan nandhang rekaos kang nggegirisi. Rakyate ora ngurubake geni kagem panjenengane kayadene kang katindakake kagem para leluhure.

maca bab lengkap 2 Babad 21