Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 17:6-15 Kitab Sutji (JAV)

6. Kalawan kencenging panggalih Sang Prabu anggone lumampah ing dalan pitedahing Yehuwah. Panjenengane uga nyingkirake sakehe tengger pangurbanan lan tugu brahala saka ing tanah Yehuda.

7. Ing taun kang katelune paprentahane, Sang Prabu utusan para panggedhene sawatara, yaiku Sang Obaja, Zakharia, Nataneel lan Sang Mikhaya, padha kadhawuhan mulang ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda.

8. Tindake dikantheni wong Lewi sawetara, yaiku Sang Semaya, Netanya, Zebaja, Asael, Semiramot, Yonatan, Adnia, Tobia lan Tob-Adhonia sarta Imam Elisama lan Imam Yoram.

9. Iku padha mulang ana ing tanah Yehuda kalawan nggawa kitab Torete Pangeran Yehuwah, padha mider-mider ana ing sakehe kutha ing tanah Yehuda kambi mulang rakyat.

10. Sakehe karajan ing nagara-nagara sakubenge Yehuda padha katempuh ing pagiris kang saka Pangeran Yehuwah, satemah padha ora wani perang nglawan Sang Prabu Yosafat.

11. Ing antarane wong Filisti ana kang ngaturake pisungsung marang Sang Prabu Yosafat lan salaka minangka bulu-bekti. Uga wong Arab padha misungsung wedhus, wedhus gembel lanang pitung ewu pitung atus lan wedhus berok lanang pitung ewu pitung atus.

12. Sang Prabu Yosafat saya suwe saya santosa, dadi santosa linuwih. Ana ing Yehuda panjenengane yasa beteng-beteng lan kutha-kutha pasimpenan.

13. Sang Prabu kagungan rerawatan akeh ana ing kutha-kutha ing tanah Yehuda.Para prajurit padha ana ing Yerusalem, kabeh iku prawira kang gagah prakosa.

14. Iki pratelane golongane manut kulawangsane; para panggedhe saka ing Yehuda Senapati Adna, kang mbawahake para prawira telung atus ewu, kang gagah prakosa.

15. Nuli Senapati Yohanan kang mbawahake wong rong atus wolung puluh ewu;

maca bab lengkap 2 Babad 17