Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

2 Babad 14:10-15 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Prabu Asa banjur miyos mapagake. Pabarisane katata ana ing lebak Zefata, ing sacedhake Maresa.

11. Sang Prabu Asa nuli nyebut marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe, unjuke: “Dhuh Yehuwah, kajawi Paduka boten wonten sanesipun malih ingkang saged mitulungi ingkang ringkih nglawan ingkang kiyat. Paduka mugi karsaa mitulungi kawula sadaya, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, amargi kawula sami sumendhe dhumateng Paduka sarta anggen kawula sami majeng nglawan wadya-bala ingkang ageng punika mawi asma Paduka. Dhuh Yehuwah, Paduka punika Gusti Allah kawula sadaya. Paduka sampun ngantos marengaken manungsa gadhah kakiyatan kangge nglawan Paduka!”

12. Pangeran Yehuwah banjur ngawonake para wong Etiopia iku ana ing ngarsane Sang Prabu Asa lan ing ngarepe Yehuda. Wong Etiopia padha keplayu,

13. tumuli kaoyak dening Sang Prabu Asa sawadya-balane nganti tekan ing Gerar. Wong Etiopia akeh kang tiwas, ora ana kang lestari urip, awit padha sirna ana ing ngarsaning Yehuwah lan ana ing ngarepe wadya-balane.

14. Sakehe kutha ing sakubenge Gerar padha kabedhah, amarga kang manggon padha katempuh ing pagirising Yehuwah. Kabeh kutha mau padha kajarahan, awit akeh banget jarahane.

15. Dalasan tendha-tendhane wong kang padha ngingu raja-kaya uga direbut sarta akeh wedhus lan unta kang padha dibandhangi minangka jarahan. Nuli padha bali menyang ing Yerusalem.

maca bab lengkap 2 Babad 14