Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 7:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Sawuse iku Nabi Samuel mundhut cempe suson lan dicaosake kabeh marang Sang Yehuwah kagawe kurban obaran. Lan bareng Nabi Samuel ndongakake wong Israel marang Sang Yehuwah, Sang Yehuwah nyembadani panyuwune.

10. Nalika Nabi Samuel nyaosake kurban obaran iku, wong Filisti padha mangsah perang, nglawan wong Israel. Nanging ing dina iku Sang Yehuwah ndhatengake gludhug kang swarane ngebat-ebati ing sandhuwure bangsa Filisti lan nggegerake wong-wong iku, temah padha disorake dening wong Israel.

11. Wong Israel padha metu saka Mizpa, ngoyak wong Filisti lan nggecak wong-wong iku nganti tekan ing sangisore Bet-Kar.

12. Nabi Samuel banjur mundhut watu lan diadegake ana ing antarane Mizpa lan Yesana, panjenengane maringi jeneng iku: Eben-Haezer, pangandikane: “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene!”

13. Mangkono wong Filisti iku ditelukake lan ora mlebu ing tlatah Israel maneh. Astane Sang Yehuwah nglawan wong Filisti sasugenge Nabi Samuel,

14. lan kutha-kutha kang dirayud dening wong Filisti wis bali marang Israel maneh, wiwit saka ing Ekron tutug ing Gat; lan wong Israel bisa ngrebut tlatah sakubenge saka ing tangane wong Filisti. Wong Israel karo wong Amori padha rukun.

15. Nabi Samuel ngereh dadi hakime wong Israel sasugenge.

16. Saben taun panjenengane tindak mider-mider menyang Betel, Gilgal lan Mizpa sarta ngereh wong Israel ana ing sakehe panggonan kono iku.

17. Nuli kondur menyang ing Rama, amarga daleme ana ing kono, lan saka ing kono anggone ngereh wong Israel, lan ana ing kono panjenengane yasa misbyah kagem Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Samuel 7