Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 5:1-7 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawise wong Filisti ngrebut pethine Gusti Allah, iku nuli diusung saka ing Eben-Haezer menyang ing Asdod.

2. Wong Filisti njupuk pethine Gusti Allah iku, dilebokake ing kabuyutane Dhagon lan diprenahake ing sandhinge Dhagon.

3. Esuke wayah bangun wong ing Asdod padha tangi, lah Dhagon tinemu gumluntung mengkureb ana ing lemah, ing ngarepe pethine Sang Yehuwah; wong iku nuli padha njunjung Dhagon dibalekake ing panggonane.

4. Nanging nalika esuke padha tangi, Dhagon katon tiba kerungkeb ana ing sangarepe pethine Sang Yehuwah, nanging endhase Dhagon lan tangane karo pisan pothol lan mencelat tekan ing tlundhaging lawang, mung gembunge kang isih kari.

5. Mulane para imame Dhagon lan sakehing wong kang lumebu ing kabuyutane Dhagon, ora wani ngidak tlundhage lawang kabuyutane Dhagon kang ana ing Asdod, nganti ing dina iki.

6. Astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong Asdod sarta gawe bingunge wong-wong iku. Panjenengane ngganjar lelara wudun marang wong-wong iku, iya ing Asdod iya ing wewengkone.

7. Bareng dideleng dening wong ing Asdod, yen mangkono kaanane, nuli padha ngucap: “Pethine Gusti Allahe bangsa Israel aja nganti tetep ana ing tengah kita kene, awit astane anteb panglawane marang kita lan marang Sang Dhagon allah kita.”

maca bab lengkap 1 Samuel 5