Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 30:12-30 Kitab Sutji (JAV)

12. apadene diwenehi kuwih anjir sairis, lan kuwih kismis rong emplek; sawise mangan banjur katon waras maneh, amarga mentas ora mangan lan ora ngombe sajrone telung dina telung bengi.

13. Sang Dawud nuli ndangu marang wong mau: “Kowe iku bature sapa lan pinangkamu saka ing ngendi?” Wangsulane wong mau: “Kula punika tiyang nem-neman saking Mesir, rencangipun tiyang Amalek. Kula dipun tilar bendara kula, amargi tigang dinten kepengker kula lajeng sakit.

14. Kula mentas sami nggepuk Tanah Negeb gadhahanipun tiyang Kreti tuwin daerah Yehuda saha Tanah Negeb Kaleb, lan Ziklag sampun kula besmi ngantos telas.”

15. Sang Dawud ndangu maneh: “Apa kowe bisa nuduhake dalane menyang panggonane grombolan iku?” Ature wong mau: “Sumangga panjenengan supaos atas asmanipun Sang Yehuwah agesang, bilih panjenengan boten badhe mejahi kula saha masrahaken badan kula dhateng bendara kula, kula lajeng badhe nedahaken panggenanipun grombolan punika.”

16. Wong mau banjur nuduhake dalane marang Sang Dawud mrana, lan tinemu para wong iku pating prenca ing saindenging tanah kono, lagi padha mangan lan ngombe sarta padha nganakake pista, amarga saka akehe jarahan anggone ngrayah ana ing tanah Filisti lan Yehuda.

17. Lan esuke Sang Dawud nggecak wong-wong iku wiwit esuk umun-umun nganti tekan suruping srengenge; ora ana wong siji-sijia kang bisa oncat, kejaba wong nom-noman patang atus kang bisa mlayu nunggang unta.

18. Sang Dawud ngluwari kabeh, apa kang dirampas wong Amalek mau; garwane Sang Dawud karo pisan uga kaluwaran.

19. Ora ana kang kecicir, wiwit barang kang remeh tumeka kang gedhe, dalasan anak-anake lanang wadon; barang jarahan lan sapanunggalane kang wus dirampas wong-wong mau; kabeh iku kagawa bali dening Sang Dawud.

20. Sang Dawud ngrebat sakehing wedhus lan sapi; kabeh padha digiring ana ing ngarsane kalawan nguwuh: “Iki jarahane Sang Dawud.”

21. Bareng Sang Dawud rawuh ing panggonane wong rong atus kang padha kesayahen ndherekake Sang Dawud, lan kang diparengake kari ana ing sacedhake kali Besor, wong iku padha metu methukake rawuhe Sang Dawud lan wong kang padha ndherek. Sang Dawud banjur marepeki wong-wong iku sarta uluk salam.

22. Wusana ana rembuge wong kang ala lan ambek dursila saka panunggalane kang ndherekake Sang Dawud, tembunge: “Sarehne wong iku ora padha melu kita, aja diwenehi apa-apa saka barang jarahan, kang wus kita rebut iku kejaba mung anak-bojone dhewe-dhewe bae. Iku kareben diepek lan cikben padha lunga.”

23. Nanging Sang Dawud ngandika: “He para sadulur, aja padha tumindak kaya mangkono, tumrap apa-apa kang wus diparingake Sang Yehuwah marang kita. Panjenengane wis ngayomi kita lan masrahake grombolan kang nempuh kita marang ing tangan kita.

24. Sapa kang gelem ngrungokake tembungmu ing bab prakara iki? Amarga pandumane wong kang padha ngreksa barang-barang iku padha kaya kang nglurug perang, mulane iku bakal diedum warata.”

25. Lan kaya mangkono tumindake ing dina iku lan sabanjure; bab iku dipacak dadi katetepan lan pranatan tumrap wong Israel nganti saprene.

26. Bareng Sang Dawud rawuh ing Ziklag, para tuwa-tuwane Yehuda, para mitra-mitrane Sang Dawud, padha dikirimi sapanduman saka barang jarahan kanthi piweling: “Punika panduman jarahan saking mengsahipun Sang Yehuwah.”

27. Yaiku mitra-mitrane kang ana ing Betel, ing Ramot ing Tanah Kidul, ing Yatir,

28. kang ana ing Aroer, ing Sifmot, ing Estemoa,

29. kang ana ing Rakhal, ing kutha-kuthane wong Yerahmeel, kang manggon ana ing kutha-kuthane wong Keni,

30. kang ana ing Horma, ing Bor-Asan, ing Atakh,

maca bab lengkap 1 Samuel 30