Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 29:4-11 Kitab Sutji (JAV)

4. Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?

5. Punika rak Dawud ingkang kangge kekidungan klayan sesauran sinambi jejogedan:Sang Prabu Saul ngasorake mungsuh ewonnanging Dawud puluhan ewon.”

6. Sang Prabu Akhis banjur nimbali Sang Dawud, pangandikane: “Demi asmane Sang Yehuwah agesang, sira iku wong kang temen lan ingsun nganggep sira becik, yen sira mlebu metu ndherek ingsun ana ing satengahing wadyabala ing paprangan, wiwit sira ndherek marang ingsun nganti tumeka saprene, nanging sira ora disenengi para ratuning kutha-kutha.

7. Mulane sira muliha, mangkata kanthi slamet lan aja nindakake apa kang ala ana ing paningale para ratuning kuthane wong Filisti.”

8. Nanging Sang Dawud matur marang Sang Prabu Akhis: “Punapa ingkang dados pandamel kawula? Punapa kalepatanipun abdi dalem punika, wiwit kawula ndherek panjenengan dalem, ngantos ing dinten punika, dene ngantos boten dipun parengaken ndherek panjenengan dalem perang nglawan mengsahipun gusti kawula Sang Prabu?”

9. Paring wangsulane Sang Prabu Akhis marang Sang Dawud: “Ingsun ngreti, yen sira iku sunsenengi kaya dene utusane Gusti Allah; mung bae para senapatine wong Filisti wis padha ngandika: Wong iku ora kena melu perang karo kita.

10. Dadine sesuk esuk umun-umun tangia dalah wong-wonge gustinira kang tekane bareng karo sira; tangia kang esuk, yen wis padhang nuli budhala!”

11. Esuk umun-umun Sang Dawud wungu dalah para wadyabalane, banjur padha budhal bali menyang ing tanahe wong Filisti, dene wong Filisti padha nglurug menyang ing Yizreel.

maca bab lengkap 1 Samuel 29