Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 29:4 Kitab Sutji (JAV)

Nanging para senapatine wong Filisti padha duka marang raja Akhis sarta ngucap: “Tiyang punika panjenengan dhawuhi mantuk kemawon, kajengipun wangsul dhateng panggenan, ingkang panjenengan tedahaken, lan sampun ngantos tumut perang kaliyan kita, supados sampun ngantos mbalik nglawan kita wonten ing paprangan. Awit punapa ta ingkang kenging kangge mendhet galihing gustinipun, kajawi sarana masrahaken sirahipun tiyang-tiyang punika?

maca bab lengkap 1 Samuel 29

tampilan 1 Samuel 29:4 ing konteks