Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 23:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul kagungan kersa ngarah bilaine, ngandika marang Imam Abyatar: “Efod iku prenekna!”

10. Sang Dawud nuli matur: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahing Israel, abdi Paduka punika mireng sayektos bilih Sang Prabu Saul badhe rawuh ing kitha Kehila lan badhe nyirnakaken kitha punika margi saking kawula.

11. Punapa kawula badhe dipun pasrahaken dening tiyang-tiyang ing kitha Kehila dhateng ing astanipun? Punapa Sang Prabu Saul badhe rawuh kados dene ingkang kapireng ing abdi Paduka punika? Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi karsaa paring sumerep dhateng abdi Paduka punika.” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Saul bakal teka.”

12. Sang Dawud banjur matur: “Kawula saha bala kawula punapa badhe kapasrahaken tiyang-tiyang kitha Kehila dhateng astanipun Sang Prabu Saul?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Bakal dipasrahake.”

13. Sang Dawud dalah sabalane banjur padha tata-tata, watara wong nem atus, padha metu saka ing kutha Kehila lan lunga saparan-paran. Nalika Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wus oncat, ora sida nglurugi perang.

14. Anadene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan, ing papan-papan pandhelikan. Pamanggene ana ing pagunungan ing pasamunan Zif. Lan sawuse iku Sang Prabu Saul tansah nguber-uber, nanging Gusti Allah ora masrahake ing astane Sang Prabu Saul.

15. Sang Dawud sumelang panggalihe amarga Sang Prabu Saul wis tindak nedya ngarah nyawane Sang Dawud. Nalika Sang Dawud ana ing pasamunan ing Zif, ing Khoresa,

16. Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, nuli tata-tata lan banjur murugi Sang Dawud menyang ing Khoresa, lan nyantosakake pangandele Sang Dawud marang Gusti Allah,

17. sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”

maca bab lengkap 1 Samuel 23