Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 23:4-14 Kitab Sutji (JAV)

4. Sang Dawud banjur neges maneh marang Sang Yehuwah, dene Sang Yehuwah paring wangsulan mangkene: “Samektaa, mangkata menyang Kehila, amarga Ingsun bakal masrahake wong Filisti marang ing tanganira.”

5. Sang Dawud banjur mangkat sabalane menyang Kehila, mangsah perang nglawan bangsa Filisti, rajakayane padha digiring sarta mungsuh digecak luwih dening banget. Mangkono anggone Sang Dawud ngluwari wong ing kutha Kehila.

6. Nalika Imam Abyatar bin Akhimelekh ngungsi marang Sang Dawud ing Kehila, mudhune nggawa efod.

7. Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wis mlebu ing kutha Kehila. Sang Prabu Saul nuli ngandika: “Gusti Allah wis masrahake Dawud ana ing tanganku, amarga mlebu ing kutha kang ana gapura lan ana slarake, iku ateges ngurung awake dhewe.”

8. Sang Prabu Saul nuli ngerigake sakehing balane, nglurug perang menyang Kehila lan ngepung Sang Dawud sabalane.

9. Bareng Sang Dawud mirsa, yen Sang Prabu Saul kagungan kersa ngarah bilaine, ngandika marang Imam Abyatar: “Efod iku prenekna!”

10. Sang Dawud nuli matur: “Dhuh Sang Yehuwah, Gusti Allahing Israel, abdi Paduka punika mireng sayektos bilih Sang Prabu Saul badhe rawuh ing kitha Kehila lan badhe nyirnakaken kitha punika margi saking kawula.

11. Punapa kawula badhe dipun pasrahaken dening tiyang-tiyang ing kitha Kehila dhateng ing astanipun? Punapa Sang Prabu Saul badhe rawuh kados dene ingkang kapireng ing abdi Paduka punika? Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, mugi karsaa paring sumerep dhateng abdi Paduka punika.” Paring wangsulane Sang Yehuwah: “Saul bakal teka.”

12. Sang Dawud banjur matur: “Kawula saha bala kawula punapa badhe kapasrahaken tiyang-tiyang kitha Kehila dhateng astanipun Sang Prabu Saul?” Pangandikane Sang Yehuwah: “Bakal dipasrahake.”

13. Sang Dawud dalah sabalane banjur padha tata-tata, watara wong nem atus, padha metu saka ing kutha Kehila lan lunga saparan-paran. Nalika Sang Prabu Saul diaturi pirsa, yen Sang Dawud wus oncat, ora sida nglurugi perang.

14. Anadene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan, ing papan-papan pandhelikan. Pamanggene ana ing pagunungan ing pasamunan Zif. Lan sawuse iku Sang Prabu Saul tansah nguber-uber, nanging Gusti Allah ora masrahake ing astane Sang Prabu Saul.

maca bab lengkap 1 Samuel 23