Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 23:14-26 Kitab Sutji (JAV)

14. Anadene Sang Dawud lereb ana ing pasamunan, ing papan-papan pandhelikan. Pamanggene ana ing pagunungan ing pasamunan Zif. Lan sawuse iku Sang Prabu Saul tansah nguber-uber, nanging Gusti Allah ora masrahake ing astane Sang Prabu Saul.

15. Sang Dawud sumelang panggalihe amarga Sang Prabu Saul wis tindak nedya ngarah nyawane Sang Dawud. Nalika Sang Dawud ana ing pasamunan ing Zif, ing Khoresa,

16. Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul, nuli tata-tata lan banjur murugi Sang Dawud menyang ing Khoresa, lan nyantosakake pangandele Sang Dawud marang Gusti Allah,

17. sarta ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan sampun kuwatos, amargi kanjeng rama boten badhe saged nyepeng panjenengan, malah panjenengan badhe jumeneng ratu ngereh bangsa Israel, lan kula trimah namung dados tiyang ingkang angka kalih, ing sangandhap panjenengan. Kanjeng rama rak ugi sampun uninga bab punika.”

18. Sakarone banjur padha prasetya ana ing ngarsane Sang Yehuwah. Lan Sang Dawud lereb ana ing Khoresa, dene Pangeran Yonatan kondur menyang ing daleme.

19. Nanging ana wong ing Zif sawatara kang seba marang ing ngarsane Sang Prabu Saul ana ing Gibea sarta matur: “Dawud ndhelik wonten ing sacelak kawula, ing beteng-beteng pareden, ing sacelakipun Khoresa, ing redi Hakhila, kaprenah ing sakidulipun ara-ara samun.

20. Milanipun manawi panjenengan dalem Sang Prabu kepareng rawuh, kawula aturi tindak, kawula ingkang tanggel badhe masrahaken tiyang punika wonten ing astanipun Sang Prabu.”

21. Pangandikane Sang Prabu Saul: “Muga sira binerkahana dening Sang Yehuwah, amarga ngetokake kawelasanira marang ingsun.

22. Wis mangkata, nyatakna kang genah maneh, upayanen nganti bisa meruhi ing ngendi padunungane lan sapa kang wis tau weruh wong iku ana ing kono, amarga ana sing kandha marang ingsun yen wong iku julig banget.

23. Udinen ngawruhi ing ngendi papan pandhelikane. Sira nuli sowana marang ingsun kalawan nggawa warta kang genah, lan ingsun bakal mbarengi lakunira. Lah, saupama wong iku ana ing njero nagara ingsun bakal nliti wong iku ana ing antarane sakehe ewon-ewoning wong Yehuda.”

24. Wong mau banjur enggal-enggal padha mangkat menyang Zif ndhisiki tindake Sang Prabu Saul. Sang Dawud sabalane ana ing pasamunan Maon, ing tanah warata sakidule ara-ara samun.

25. Nalika Sang Prabu Saul tindak sabalane nglari Sang Dawud, nuli ana kang ngaturi uninga marang Sang Dawud. Sang Dawud nuli tindak menyang ing gunung watu parang lan lereb ana ing pasamunan Maon. Bareng Sang Prabu miyarsa bab iku, banjur ngoyak Sang Dawud menyang ing pasamunan Maon.

26. Sang Prabu tindak saka ing sisih kenene gunung, dene Sang Dawud lan balane saka ing sisih kanane gunung, Sang Dawud enggal-enggal sumingkir, nanging Sang Prabu Saul sabalane wis meh ngepung Sang Dawud sabalane lan wus arep bisa nyekel,

maca bab lengkap 1 Samuel 23