Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 15:28-35 Kitab Sutji (JAV)

28. Nabi Samuel banjur matur marang Sang Prabu Saul: “Sang Yehuwah sampun nyuwek kapraboning Israel saking panjenengan dalem ing dinten punika lan sampun kaparingaken dhateng tiyang sanes ingkang langkung utami katimbang panjenengan dalem.

29. Punapa malih Sang Minulya ing Israel punika boten dora lan Panjenenganipun boten nate keduwung, amargi Panjenenganipun sanes manungsa ingkang wajib nggetuni.”

30. Nanging pangandikane Sang Prabu Saul: “Kula sampun nglampahi dosa, nanging panjenengan mugi keparenga ngatingalaken hurmat panjenengan dhumateng kula sapunika wonten ing ngajengipun tiyang Israel, kula aturi wangsul nyarengi kula, kula badhe sujud ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan.”

31. Sawuse iku Nabi Samuel bali nyarengi tindake Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu sujud ngabekti marang Sang Yehuwah.

32. Nabi Samuel banjur dhawuh: “Agag ratu ing Amalek, iku ladekna mrene!” Kathi tatag Prabu Agag tindak murugi panjenengane, amarga osike: “Lah pagirising pati wis kliwat.”

33. Nanging Nabi Samuel ngandika: “Kaya dene pedhangmu kang marakake wong wadon padha kelangan anak, mangkono uga ibumu bakal kelangan anak ana ing antarane wong wadon.” Sawuse iku Nabi Samuel nigas janggane Prabu Agag ana ing ngarsane Sang Yehuwah ana ing Gilgal.

34. Wasana Nabi Samuel banjur tindak menyang ing Rama, nanging Sang Prabu Saul kondur menyang ing daleme ing Gibea-Saul.

35. Nganti tumeka sedane Nabi Samuel ora kepanggih karo Sang Prabu Saul maneh, nanging Nabi Samuel banget sekel galihe, marga saka Sang Prabu Saul. Lan Sang Yehuwah keduwung galihe, dene njunjung Sang Prabu Saul dadi ratune bangsa Israel.

maca bab lengkap 1 Samuel 15