Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 15:15-32 Kitab Sutji (JAV)

15. Wangsulanipun Sang Prabu Saul: “Sadaya punika anggenipun mbekta saking tanah Amalek, amargi para tiyang sami ngeman menda-menda lan lembu-lembu ingkang sae piyambak, niyatipun badhe kangge kurban sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nanging salangkungipun sampun sami kula sirnakaken.”

16. Nabi Samuel ngandika marang Sang Prabu: “Inggih sampun: Kawula badhe ngaturaken pangandikanipun Sang Yehuwah dhumateng kawula kala wau dalu.” Pangandikane Sang Prabu marang Nabi Samuel: “Sumangga kadhawuhna.”

17. Sawuse iku Nabi Samuel matur: “Sanadyan panjenengan dalem piyambak sampun ngakeni alit, rak sampun kajunjung dados pangagengipun para taler Israel? Lan Sang Yehuwah rak sampun njebadi panjenengan dalem dados ratunipun bangsa Israel?

18. Sang Yehuwah sampun dhawuh nglurug dhateng panjenengan dalem, kanthi piweling: Sira mangkata, nglurugana wong kang padha nglakoni dosa iku, padha sirnakna, yaiku wong Amalek. Sira peranga nglawan wong-wong iku, iku padha sira tumpesa.

19. Punapaa dene panjenengan dalem kok boten ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah? Kenging punapa panjenengan dalem mundhut barang-barang jarahan lan nindakaken punapa ingkang awon tumrap ing paningalipun Sang Yehuwah?”

20. Sang Prabu Saul banjur ngandika marang Nabi Samuel: “Kula rak sampun ngestokaken sabdanipun Sang Yehuwah lan sampun nglampahi ingkang kadhawuhaken dening Sang Yehuwah dhateng kula lan kula mbandhang raja Agag, ratu ing Amalek, nanging tiyang Amalek sampun kula tumpes sadaya.

21. Nanging rakyat sami mendheti jarahan ingkang rupi menda, punapa dene, lembu-lembu ingkang pethingan, ingkang dipun pisah saking ingkang pancen badhe kapejahan, badhe kakurbanaken sumaos dhateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, wonten ing Gilgal.”

22. Nanging ature Nabi Samuel:“Punapa Sang Yehuwah karenan dhateng kurban obaran lan kurban sembelehansami kaliyan pambangun turut dhateng sabdanipun Sang Yehuwah?Mbangun turut punika saestu langkung sae katimbang kurban sembelehan,nggatosaken langkung sae katimbang gajihipun menda jaler.

23. Amargi pambalila punika sami kaliyan dosanipun patenunganlan pandlarung punika sami kaliyan nyembah brahala lan terafim.Sarehne panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah,mila Sang Yehuwah inggih nampik panjenengan dalem, badhe kalungsur anggen panjenengan dalem dados ratu.”

24. Pangandikane Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Kula sampun nglampahi dosa, amargi sampun nerak dhawuhipun Sang Yehuwah lan pangandika panjenengan; sarehne kula ajrih dhateng rakyat milanipun kula nuruti panyuwunipun.

25. Dene sapunika mugi panjenengan apunten dosa kula. Karsaa wangsul nyarengi lampah kula, kula badhe sujud ngabekti dhateng Sang Yehuwah.”

26. Nanging Nabi Samuel matur marang Sang Prabu Saul: “Kawula boten badhe wangsul nyarengi panjenengan dalem, amargi panjenengan dalem sampun nampik dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah; milanipun Sang Yehuwah sampun nampik panjenengan dalem anggen panjenengan dalem dados ratunipun Israel.”

27. Bareng Nabi Samuel minger arep tindak, Sang Prabu Saul ngasta poncoting jubahe Nabi Samuel, temah suwek.

28. Nabi Samuel banjur matur marang Sang Prabu Saul: “Sang Yehuwah sampun nyuwek kapraboning Israel saking panjenengan dalem ing dinten punika lan sampun kaparingaken dhateng tiyang sanes ingkang langkung utami katimbang panjenengan dalem.

29. Punapa malih Sang Minulya ing Israel punika boten dora lan Panjenenganipun boten nate keduwung, amargi Panjenenganipun sanes manungsa ingkang wajib nggetuni.”

30. Nanging pangandikane Sang Prabu Saul: “Kula sampun nglampahi dosa, nanging panjenengan mugi keparenga ngatingalaken hurmat panjenengan dhumateng kula sapunika wonten ing ngajengipun tiyang Israel, kula aturi wangsul nyarengi kula, kula badhe sujud ngabekti dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan.”

31. Sawuse iku Nabi Samuel bali nyarengi tindake Sang Prabu Saul. Lan Sang Prabu sujud ngabekti marang Sang Yehuwah.

32. Nabi Samuel banjur dhawuh: “Agag ratu ing Amalek, iku ladekna mrene!” Kathi tatag Prabu Agag tindak murugi panjenengane, amarga osike: “Lah pagirising pati wis kliwat.”

maca bab lengkap 1 Samuel 15