Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 15:1-14 Kitab Sutji (JAV)

1. Nabi Samuel matur marang Sang Prabu Saul: “Kawula sampun dipun utus dening Sang Yehuwah njebadi panjenengan dalem dados ratu ngereh Israel umatipun; milanipun mugi karsaa miyarsakaken dhateng pangandikanipun Sang Yehuwah.

2. Makaten pangandikanipun Sang Yehuwah, Gustining sarwa dumadi: Ingsun arsa males ukum marang bangsa Amalek, tumrap apa kang ditindakake marang wong Israel, yaiku anggone wong Amalek ngalang-alangi bangsa Israel, nalika lunga saka ing tanah Mesir.

3. Mulane saiki mangkata, wong Amalek iku telukna, apa kang tinemu ana ing wong-wong iku sirnakna sarta aja ana kang sira welasi. Wonge lanang, wonge wadon, bocah-bocahe lan pasusone, sapine lan wedhuse, untane lan kuldine, kabeh padha patenana.”

4. Sang Prabu banjur nimbali rakyat kadhawuhan nglumpuk lan banjur mriksa pabarisane ana ing Telaim: bala dharat ana wong rong atus ewu lan sapuluh ewu saka ing Yehuda.

5. Bareng Sang Prabu Saul wus rawuh ing kuthane wong Amalek nuli ndhawuhi para wadyabala supaya nyegat ing lebak.

6. Pangandikane Sang Prabu Saul marang bangsa Keni: “Padha lungaa, ngadoha, lan sumingkira saka ing satengahe wong Amalek, supaya kowe aja nganti padha daktumpes bareng karo para wong iku. Sira rak wus padha ngatonake pamitranira karo wong Israel, nalika padha lunga saka ing tanah Mesir?” Mulane wong Keni banjur padha sumingkir saka ing tengah-tengahe wong Amalek.

7. Sang Prabu Saul banjur nggepuk lan ngasorake bangsa Amalek wiwit saka ing Hawila tutug ing Syur ing sawetane tanah Mesir.

8. Sang Prabu Agag, ratu ing Amalek dicepeng isih gesang, nanging balane kabeh padha katumpes klawan landheping pedhang.

9. Nanging Sang Prabu Saul sabalane ngluwari Sang Prabu Agag, wedhus-wedhuse, apadene sapi-sapi kang becik-becik lan lemu-lemu, dalah cempe-cempene sarta samubarang kang pangaji, iku kabeh ora disirnakake. Mung sakehing kewan lan barang kang ora pangaji tur ala iku kabeh padha ditumpes.

10. Nuli ana pangandikane Sang Yehuwah marang Nabi Samuel mangkene:

11. “Ingsun kaduwung dene njumenengake ratu Saul, amarga wong iku wus nyingkur marang Ingsun lan nglirwakake dhawuhingSun.” Nabi Samuel temah sekel galihe, nyebut marang Sang Yehuwah sawengi muput.

12. Nabi Samuel wungu ing wayah bangun esuk sumedya manggihi Sang Prabu Saul, nanging Nabi Samuel diaturi pirsa mangkene: “Sang Prabu sampun tedhak dhateng Karmel kala wau lan sampun ngadegaken tugu pengetan kangge sariranipun; lajeng mengker tindak dhateng ing Gilgal.”

13. Bareng Nabi Samuel kepanggih karo Sang Prabu Saul, pangandikane Sang Prabu Saul marang Nabi Samuel: “Panjenengan binerkahana dening Sang Yehuwah; kula sampun ngestokaken dhawuhipun Sang Yehuwah.”

14. Nanging Nabi Samuel matur: “Manawi makaten kenging punapa kok wonten pangembeking menda lan pambengahing lembu ingkang kapireng ing kuping kawula?”

maca bab lengkap 1 Samuel 15