Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 12:6-17 Kitab Sutji (JAV)

6. Nabi Samuel banjur ngandika marang bangsa iku: “Sang Yehuwah dadia seksi, kang ngangkat Nabi Musa lan Imam Harun lan ngentasake leluhurmu saka ing tanah Mesir.

7. Mulane padha ngadega, ayo padha nyuwun pangadilan ana ing ngarsane Sang Yehuwah, bab sakehe kasaenane Sang Yehuwah kang wis ditandukake marang kowe lan marang leluhurmu.

8. Nalika Rama Yakub rawuh ana ing Mesir lan para leluhurmu padha sesambat marang Sang Yehuwah, nuli Sang Yehuwah ngutus Nabi Musa lan Imam Harun, kang ngirid para leluhurmu saka ing tanah Mesir sarta marengake padha manggon ana ing kene iki.

9. Nanging banjur padha lali marang Sang Yehuwah, Gusti Allahe, lan Panjenengane ngulungake para leluhurmu marang ing tangane Sisera, sena patine wadyabala ing Hazor, lan marang ing tangane bangsa Filisti lan ratu ing Moab kang padha nglurugi perang.

10. Nuli padha sesambat marang Sang Yehuwah, unjuke: Kawula sampun sami nglampahi dosa, amargi kawula sami nyingkur Sang Yehuwah lan ngabekti dhateng para Baal lan para Asytoret; sapunika kawula mugi sami Paduka luwari saking tanganipun mengsah kawula, kawula lajeng badhe ngabekti dhumateng Paduka.

11. Sawuse iku Sang Yehuwah ngutus Hakim Yerubaal, Barak, Yefta apadene Samuel, lan ngluwari kowe saka ing tangane mungsuh ing saubengmu, temah bisa tentrem pamanggonmu.

12. Nanging bareng kowe ndeleng, yen Sang Prabu Nahas, ratu ing Amon, nglurugi kowe, kowe nuli padha matur marang aku: Boten, wontena ratu ingkang ngereh kula; mangka Sang Yehuwah, Gusti Allahmu iku jumeneng dadi ratumu.

13. Mulane sawangen iku ratu, kang wis kokpilih lan kokjaluk. Lah Sang Yehuwah wus njumenengake ratu kang ngereh kowe,

14. janji kowe wedi-asih marang Sang Yehuwah ngabekti marang Panjenengane, ngrungokake pangandikane, sarta ora mbangkang marang dhawuhe Sang Yehuwah, lan kowe padha ngetutwuri Sang Yehuwah, Gusti Allahmu, iya kowe apadene ratu kang bakal ngereh kowe.

15. Nanging manawa kowe ora ngrungokake pangandikane Sang Yehuwah, Sang Yehuwah bakal nglawan kowe lan ratumu.

16. Saiki terusna anggonmu padha ngadeg lan nyawanga prakara gedhe kang bakal ditindakake Sang Yehuwah ana ing ngarepmu.

17. Saiki rak lagi mangsane panen gandum? Aku bakal nyebut marang Sang Yehuwah, supaya Panjenengane paring gludhug lan udan. Padha sumurupa lan ngrumangsanana, yen gedhe pialamu kang koklakoni ana ing ngarsane Sang Yehuwah, yaiku anggonmu nyuwun ratu, kang ngereh kowe.”

maca bab lengkap 1 Samuel 12