Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Samuel 10:12-24 Kitab Sutji (JAV)

12. Banjur ana wong sumaur saka panggonan kono: “Wong-wong iku sapa ta kang dadi bapakne?” Mulane katelah ana pribasan: Saul apa iya kagolong para nabi?

13. Bareng wus rampung anggone kapenuhan kaya nabi, banjur mulih.

14. Lan pamane celathu marang Saul lan bature: “Kowe padha saka ngendi?” Wangsulane: “Ngupadosi kuldi-kuldi punika, nanging sareng boten wonten katingal, kula sami sowan ing ngarsanipun Nabi Samuel.”

15. Pamane Saul nuli celathu: “Mara aku caritanana, apa kang dipangandikakake Nabi Samuel marang kowe.”

16. Saul banjur carita marang pamane: Lajeng kemawon kula sami dipun pangandikani bilih kuldi-kuldi punika sampun pinanggih.” Nanging bab anggone bakal jumeneng ratu kaya kang dingandikakake dening Nabi Samuel, ora dilairake marang pamane.

17. Nabi Samuel nuli ngumpulake wong kabeh ana ing ngarsane Sang Yehuwah ing Mizpa.

18. Lan panjenengane ngandika marang wong Israel mau mangkene: “Pangandikane Sang Yehuwah, Gusti Allah Israel mangkene: Ingsun wus ngentasake bangsa Israel saka ing tanah Mesir lan wus ngluwari sira saka ing tangane wong Mesir lan saka ing tangane sakehe karajan kang padha nindhes sira.

19. Nanging saiki sira nampik Gusti Allahira, kang mitulungi sira saka sakehing kasangsaran lan karubedanira, kanthi aturira: Boten, mugi njumenengna ratu ingkang ngereh kula. Mulane padha sebaa ana ing ngarsane Sang Yehuwah miturut taler-taler lan golongan-golonganmu!”

20. Nabi Samuel banjur ndhawuhi maju sakehing talere Israel; ing kono kang katuding taler Benyamin.

21. Sawuse iku taler Benyamin didhawuhi maju bebrayatan, banjur kang katuding brayate Matri; brayate Matri banjur kadhawuhan maju siji-siji, wasana Saul anake Kisy kang katuding. Nanging bareng digoleki ora ketemu.

22. Mulane banjur neges marang Sang Yehuwah: “Punapa tiyangipun inggih mriki?” Sang Yehuwah paring wangsulan: “Lah wonge ndhelik ana ing antarane barang-barang.”

23. Wong banjur mlayu marani Saul diajak saka ing kono lan bareng Saul ngadeg ana ing satengahing bangsane, wong-wong dedege mung sapundhake.

24. Lan Nabi Samuel banjur ngandika marang wong sabangsa kabeh: “Sawangen, wong kang kapilih dening Sang Yehuwah iku. Amarga saka sakehing bangsa iku ora ana wong siji bae kang madhani.” Wong sabangsa banjur padha surak-surak, unine: “Sugenga Sang Prabu!”

maca bab lengkap 1 Samuel 10