Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 9:11-21 Kitab Sutji (JAV)

11. Ing sarehne Sang Prabu Hiram, ratu ing Tirus, wus mbiyantu Sang Prabu Suleman kayu eres, kayu beros lan emas, sapira kang dikarsakake, mulane ing nalika iku Sang Prabu Suleman banjur nyaosi marang Sang Prabu Hiram kutha ing tanah Galilea rong puluh.

12. Nanging bareng Sang Prabu Hiram rawuh saka ing Tirus prelu mirsani kutha-kutha kang dicaosake dening Sang Prabu Suleman marang panjenengane iku, kabeh iku kurang gawe renaning panggalihe.

13. Mulane pangandikane: “Kitha-kitha punapa ingkang panjenengan paringaken dhateng kula punika, sadherek?” Mulane tekan saprene wewengkone kutha-kutha mau banjur karan tanah Kabul.

14. Dene Sang Prabu Hiram wus ngintunake satus rong puluh talenta emas marang Sang Prabu.

15. Anadene anggone para wong nyangga karya kaklempakake dening Sang Prabu Suleman iku mangkene: Wong mau padha diklempakake kagem yasa padalemaning Pangeran Yehuwah, kadhatoning Sang Prabu, beteng Milo lan temboke kutha Yerusalem sarta uga didhawuhi nyantosani kutha Hazor, Megido lan Gezer --

16. Sabab Sang Prabu Pringon, ratu ing Mesir, wus majeng perang lan ngrebat kutha Gezer, kang banjur kaobong sarta para wong Kanaan kang manggon ing kono padha dipateni. Sawuse mangkono kutha mau nuli kaparingake marang putrane putri, garwane Sang Prabu Suleman, minangka ganjaran nalika kramane;

17. kutha Gezer iku banjur disantosani dening Sang Prabu Suleman. -- Ana maneh wong nyangga karya kang padha didhawuhi nglumpuk ana ing kutha Bet-Horon Lebak,

18. ing Baalat, ing Tamar ing pasamunan kang ana ing tanah Yehuda

19. lan ing sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, ing kutha-kutha panggonane kareta, ing kutha-kutha panggonaning wong nunggang jaran sarta ana ing ngendi bae kang dikarsakake Sang Prabu Suleman anggone arep yeyasa ana ing Yerusalem ana ing gunung Libanon, utawa ana ing sawewengkone nagara kang dikwaosi kabeh.

20. Sakehe kekarene bangsa Amori, bangsa Het, bangsa Feris, bangsa Hewi lan bangsa Yebus, kang ora kagolong bangsa Israel,

21. yaiku wong-wong kang isih padha manggon ing nagara kono turune bangsa-bangsa mau lan kang ora bisa ditumpes dening Israel, iya wong-wong iku kang padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman kadadekake abdi nyangga karya, mangkono iku nganti saprene.

maca bab lengkap 1 Para Raja 9