Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 6:3-19 Kitab Sutji (JAV)

3. Pendhapa ing sangarepe bale-agung ing padaleman iku dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman iku lan ambane sapuluh asta ing ujure padaleman mangarep.

4. Padaleman iku uga didokoki cendhela-cendhela nganggo krepyak kang rapet.

5. Ing sakubenge padaleman mepet ing tembok diyasani kamar tambahan, ing sakubenge bale-agung lan bale pungkuran lan kabeh iku kagawe sungsun-sungsun.

6. Larikan kang ngisor ambane limang asta, kang tengah enem asta, dene kang katelu pitung asta, amarga ing sajabane padaleman mubeng wus diyasani bantalan, pamurihe supaya ora usah mboboki temboking padaleman.

7. Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.

8. Lawange larikan ngisor ana ing satengahe padaleman lan manawa wong menyang ing larikan tengah menyang larikan katelu, liwat andha kang menggak-menggok.

9. Bareng anggone yasa padaleman mau wus rampung, padaleman mau banjur dipasangi pyan, yaiku palang-palang ditrapi blabag kayu eres.

10. Sabanjure bareng anggone ngadegake kamar-kamar tambahan mubeng wus rampung, yaiku saben larikan dhuwure limang asta, padaleman mau nuli ditrapi payon kayu eres.

11. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Sang Prabu Suleman mangkene:

12. “Bab padaleman kang lagi sira degake iku, manawa lakunira manut ing sakehing pranataningSun, lan tetep nindakake sakehing dhawuhingSun sarta ora nyimpang saka iku, Ingsun bakal netepi janjiningSun marang sira kang wus Sunpangandikakake marang Dawud, ramanira,

13. yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”

14. Bareng Sang Prabu Suleman wus rampung anggone yasa padaleman iku,

15. temboke padaleman mau ing jerone dirangkepi blabag kayu eres; wiwit ing jrambah nganti tekan ing wengkuning pyan dirangkepi gebyog kayu eres, nanging jrambahe padaleman dilapisi blabag kayu beros.

16. Perangane mburi padaleman mau kang rong puluh asta banjur didokoki singgetan kayu eres, wiwit ing jrambah nganti tekan ing blandar pangeret; perangan iku nuli kadadekake kamar pungkuran, dadi papan sucining asuci.

17. Perangan ing sangarepe kamar pungkuran iku dawane patang puluh asta, iku kamar gedhe.

18. Gebyog kayu eres ing sisih njerone padaleman mau karengga ing ukir-ukiran arupa woh labu lan kembang mekar; kabeh iku kayu eres, ora ana watune kang katon.

19. Dadine kamar pungkuran ing sajrone padaleman, ing sisih njero dhewe, karakit mangkono iku, bakal kanggo ndokok pethining prajanjiane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Para Raja 6