Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 6:27-36 Kitab Sutji (JAV)

27. Kerub-kerub iku diprenahake ana ing satengahe kamar kang njero dhewe, karo-karone padha ngegarake swiwine, nganti kerub kang siji nyenggol tembok kalawan swiwine, lan kerub sijine nyenggol tembok liyane, dene swiwi-swiwi kang ana ing satengahe padaleman padha adu pucuk.

28. Kerub-kerub iku kalapis emas.

29. Temboke padaleman kabeh iku mubeng rinengga ing gambar kerub, wit kurma tuwin kembang mekar ukir-ukiran, yaiku ing kamar jero lan ing kamar njaba.

30. Jrambahing padaleman uga kalapis emas, ing kamar njero lan ing kamar njaba.

31. Lawang kang anjog ing kamar pungkuran iku kang digawe kayu jaitun; dhempel, pipi lan sirahing lawang, wangune maju lima.

32. Inebing lawang loro-lorone kang digawe kayu jaitun sarta karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, banjur kalapis ing emas; kerube lan wite kurma uga kalapis ing emas.

33. Samono uga lawang kang anjog ing gedhong gedhe, pipine kang digawe iya kayu jaitun lan wangune maju pat; inebe loro-lorone kang digawe kayu beros.

34. Inebe lawang kang siji awujud rong perangan kang kena kalempit, samono uga inebe lawang sijine.

35. Iku iya banjur karengga ing gambar kerub, wit kurma lan kembang mekar ukir-ukiran, nuli lawang mau kalapis emas tipis, kang kalapisake ing gambar ukir-ukiran mau.

36. Sang Prabu banjur yasa tembok plataran njero nganggo watu tatahan sap telu lan nganggo kayu eres tatahan sasap.

maca bab lengkap 1 Para Raja 6