Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 6:1-13 Kitab Sutji (JAV)

1. Kacarita taun kang kaping patang atus wolung puluh sawuse wong Israel metu saka ing tanah Mesir, ing taun kang kaping pat sawuse Sang Prabu Suleman jumeneng ratu ing Israel, ing sasi Ziw, yaiku sasi kang kapindho, Sang Prabu Suleman wiwit yasa padaleman kagem Sang Yehuwah.

2. Padaleman kang kaadegake Sang Prabu Suleman kagem Sang Yehuwah iku dawane sawidak asta, lan ambane rong puluh asta sarta dhuwure telung puluh asta.

3. Pendhapa ing sangarepe bale-agung ing padaleman iku dawane rong puluh asta, manut ambane padaleman iku lan ambane sapuluh asta ing ujure padaleman mangarep.

4. Padaleman iku uga didokoki cendhela-cendhela nganggo krepyak kang rapet.

5. Ing sakubenge padaleman mepet ing tembok diyasani kamar tambahan, ing sakubenge bale-agung lan bale pungkuran lan kabeh iku kagawe sungsun-sungsun.

6. Larikan kang ngisor ambane limang asta, kang tengah enem asta, dene kang katelu pitung asta, amarga ing sajabane padaleman mubeng wus diyasani bantalan, pamurihe supaya ora usah mboboki temboking padaleman.

7. Nalika yasa padaleman iku kang dianggo watu-watu kang wus diwangun ana ing papan pandhudhuke satemah ora keprungu swaraning palu utawa pethel utawa sadhengah piranti wesi sajrone mbangun padaleman iku.

8. Lawange larikan ngisor ana ing satengahe padaleman lan manawa wong menyang ing larikan tengah menyang larikan katelu, liwat andha kang menggak-menggok.

9. Bareng anggone yasa padaleman mau wus rampung, padaleman mau banjur dipasangi pyan, yaiku palang-palang ditrapi blabag kayu eres.

10. Sabanjure bareng anggone ngadegake kamar-kamar tambahan mubeng wus rampung, yaiku saben larikan dhuwure limang asta, padaleman mau nuli ditrapi payon kayu eres.

11. Sawuse mangkono banjur ana pangandikane Sang Yehuwah marang Sang Prabu Suleman mangkene:

12. “Bab padaleman kang lagi sira degake iku, manawa lakunira manut ing sakehing pranataningSun, lan tetep nindakake sakehing dhawuhingSun sarta ora nyimpang saka iku, Ingsun bakal netepi janjiningSun marang sira kang wus Sunpangandikakake marang Dawud, ramanira,

13. yaiku manawa Ingsun bakal dedalem ana ing satengahe wong Israel lan ora bakal nilar umatingSun Israel.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 6