Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 3:2-10 Kitab Sutji (JAV)

2. Mung bae bangsa iku anggone nyaosake kurban isih ana ing tetengger pangurbanan, amarga nganti ing wektu iku asmane Sang Yehuwah durung diyasakake padaleman.

3. Lan Sang Prabu Suleman ngatingalake sih-sutresnane marang Sang Yehuwah kalawan netepi pranatan-pranatane Sang Prabu Dawud, kang ramane; mung bae panjenengane isih caos kurban sembelehan lan kekutug ana ing tetengger pangurbanan.

4. Ing sawijining dina Sang Prabu tindak menyang Gibeon, prelu caos kurban, sabab iku tetengger pangurbanan kang gedhe dhewe; sewu kurban obaran kang dicaosake Sang Prabu Suleman ana ing misbyah kono.

5. Ana ing Gibeon iku Sang Yehuwah ngatingal marang Sang Prabu Suleman ing sajroning supena ing wayah bengi. Gusti Allah ngandika: “Nyuwuna apa kang bakal Sunparingake marang sira.”

6. Sang Prabu Suleman banjur munjuk: “Paduka ingkang sampun ngatingalaken sih-kadarman ingkang ageng dhumateng abdi Paduka Rama Dawud, rama kawula, amargi sugengipun wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya, leres lan jujur dhumateng Paduka; sarta Paduka sampun nglestantunaken sih-kadarman ingkang ageng punika dhumateng rama, Paduka paringi anak ingkang linggih ing dhamparipun kados ingkang kalampahan ing dinten punika.

7. Milanipun sapunika, dhuh Yehuwah, Gusti Allah kawula, Paduka ingkang njumenengaken abdi Paduka punika dados ratu nggentosi Rama Dawud, rama kawula, sanadyan kawula taksih anem sanget lan dereng gadhah pengalaman.

8. Inggih kados makaten punika abdi Paduka wonten ing satengahing umat Paduka ingkang Paduka pilih, satunggaling umat ingkang ageng, ingkang cacahipun boten kenging kaetang sarta boten kenging kakinten-kinten.

9. Milanipun Paduka mugi karsaa maringi dhumateng abdi Paduka manah ingkang saged nenimbang prakawis supados saged ngakimi umat Paduka kalayan saged mbedakaken punapa ingkang sae lan ingkang awon, awit sinten ta ingkang sagah ngakimi umat Paduka ingkang ageng sanget punika?”

10. Panyuwune Sang Prabu Suleman kang kaya mangkono iku tinemu becik ana ing ngarsane Sang Yehuwah.

maca bab lengkap 1 Para Raja 3