Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:17-33 Kitab Sutji (JAV)

17. Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”

18. Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”

19. Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.

20. Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.

21. Sasampunipun makaten lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng tuwin nunten ngadeg wonten ing ngarsaning Pangeran Yehuwah saha munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Pangeran Yehuwah ndangu dhateng piyambakipun: Srana apa?

22. Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!

23. Margi saking punika, saestunipun Pangeran Yehuwah sampun ngajengaken roh dora-cara wonten ing cangkemipun nabi punika sadaya, awit Sang Yehuwah sampun netepaken badhe nandukaken bilai dhumateng panjenengan dalem.”

24. Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”

25. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi samangsa kowe lumayu saka ing kamar siji menyang ing kamar sijine arep ndhelik.”

26. Sang Nata ing Israel tumuli dhawuh: “Cekelen Mikha iku, balekna marang Amon, kang nyekel pangwasa ing kutha, sarta marang Yoas, putrane Sang Prabu lan tutura:

27. Mangkene dhawuhe Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran lan wenehana mangan roti lan ngombe banyu sarwa sathithik nganti ingsun kondur kanthi slamet.”

28. Nanging unjuke Nabi Mikha: “Manawi panjenengan dalem saestu kondur kanthi rahayu, Pangeran Yehuwah temtu boten ngandika lumantar kawula.” Banjur nglajengake pangandikane: “Rungokna, he bangsa-bangsa kabeh!”

29. Sawuse mangkono Sang Prabu ing Israel bebarengan karo Sang Prabu Yosafat, ratu ing Yehuda, tindak nglurug menyang ing Ramot-Gilead.

30. Sang Nata ing Israel ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula badhe nyamur lampah lan majeng perang, dene panjenengan kula aturi mangagem busananing kaprabon panjenengan.” Sang Nata ing Israel nuli nyamur lampah lan majeng perang.

31. Anadene ratu ing nagara Aram wus paring dhawuh marang para panggedhening wadyane kretan, kang cacahe telung puluh loro, mangkene: “Sira aja padha perang nglawan sapa bae, kajaba mung nglawan marang ratu ing Israel bae.”

32. Bareng para panggedhening wadya kretan padha ndeleng Sang Prabu Yosafat, banjur padha alok: “Lah iku mesthi ratu ing Israel!” Mulane nuli padha ngangseg arep nempuh panjenengane, nanging Sang Prabu Yosafat banjur nguwuh-uwuh.

33. Bareng para panggedhening wadya kretan weruh, manawa iku dudu ratu ing Israel, tumuli padha mundur saka ing ngarsane.

maca bab lengkap 1 Para Raja 22