Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:14-27 Kitab Sutji (JAV)

14. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”

15. Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”

16. Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”

17. Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”

18. Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”

19. Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.

20. Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.

21. Sasampunipun makaten lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng tuwin nunten ngadeg wonten ing ngarsaning Pangeran Yehuwah saha munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Pangeran Yehuwah ndangu dhateng piyambakipun: Srana apa?

22. Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!

23. Margi saking punika, saestunipun Pangeran Yehuwah sampun ngajengaken roh dora-cara wonten ing cangkemipun nabi punika sadaya, awit Sang Yehuwah sampun netepaken badhe nandukaken bilai dhumateng panjenengan dalem.”

24. Sawuse mangkono Zedekia bin Kenaana maju lan napuk Nabi Mikha kalawan ngucap: “Mangsa Rohing Yehuwah kok pindhah saka aku banjur ngandika marang kowe!”

25. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Lah kowe bakal nyumurupi samangsa kowe lumayu saka ing kamar siji menyang ing kamar sijine arep ndhelik.”

26. Sang Nata ing Israel tumuli dhawuh: “Cekelen Mikha iku, balekna marang Amon, kang nyekel pangwasa ing kutha, sarta marang Yoas, putrane Sang Prabu lan tutura:

27. Mangkene dhawuhe Sang Prabu: Wong iki lebokna ing pakunjaran lan wenehana mangan roti lan ngombe banyu sarwa sathithik nganti ingsun kondur kanthi slamet.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 22