Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 22:13-23 Kitab Sutji (JAV)

13. Utusan kang lunga nimbali Nabi Mikha mau matur marang panjenengane: “Kauningana, para nabi sampun sami saiyeg nglairaken pameca ingkang sae tumrap Sang Prabu, panjenengan mugi inggih mecaa ingkang sami kaliyan satunggal-satunggalipun para nabi wau mugi inggih mecaa ingkang sae.”

14. Nanging Nabi Mikha mangsuli pangandikane: “Demi Yehuwah kang gesang, apa kang bakal dipangandikakake dening Sang Yehuwah marang aku, yaiku kang bakal dakucapake.”

15. Bareng wus sowan ana ing ngarsane Sang Prabu, Sang Prabu ndangu: “Mikha, apa ingsun padha kena nglurug perang nglawan Ramot-Gilead, apa prayoga padha sunsandekake?” Atur wangsulane: “Sumangga, kawula aturi tindak, panjenengan dalem badhe angsal damel, sabab Pangeran Yehuwah badhe masrahaken ing astanipun Sang Prabu.”

16. Nanging Sang Prabu ngandika marang panjenengane: “Nganti ping Pira ingsun ndhawuhi sumpah marang sira, supaya sira matur marang ingsun kang sanyatane bae demi asmaning Sang Yehuwah?”

17. Ing kono Nabi Mikha banjur munjuk: “Kawula sampun ningali tiyang Israel sadaya sami buyar pating slebar wonten ing redi-redi kados menda-menda ingkang boten wonten pangenipun, awit saking punika Pangeran Yehuwah ngandika: Iku ora padha duwe gusti; cikben padha mulih menyang ing omahe dhewe-dhewe kanthi slamet.”

18. Sang Prabu ing Israel nuli ngandika marang Sang Prabu Yosafat: “Kula rak sampun matur dhumateng panjenengan: Piyambakipun punika boten nate memeca ingkang sae tumrap kula, kajawi namung kacilakan thok?”

19. Unjuke Nabi Mikha: “Awit saking punika panjenengan dalem mugi karsaa miyarsakaken pangandikanipun Sang Yehuwah, kawula sumerep Pangeran Yehuwah saweg lenggah ing dhamparipun lan sadaya wadya-bala swarga sami ngadeg ing sacelakipun, ing sisih tengenipun saha ing sisih kiwanipun.

20. Punapa dene Sang Yehuwah ngandika: Sapa kang ngrimuk Akhab supaya maju perang, amrih tiwas ana ing Ramot-Gilead? Ingkang satunggal lajeng munjuk makaten, satunggalipun makaten.

21. Sasampunipun makaten lajeng wonten satunggaling roh ingkang majeng tuwin nunten ngadeg wonten ing ngarsaning Pangeran Yehuwah saha munjuk: Kawula ingkang badhe ngrimuk. Pangeran Yehuwah ndangu dhateng piyambakipun: Srana apa?

22. Unjukipun: Kawula badhe medal lan dados roh dora-cara wonten ing cangkemipun sakathahing nabinipun. Pangandikanipun Sang Yehuwah: Iya, sira ngrerimuka, sira bakal oleh gawe. Metua lan nglakonana mangkono!

23. Margi saking punika, saestunipun Pangeran Yehuwah sampun ngajengaken roh dora-cara wonten ing cangkemipun nabi punika sadaya, awit Sang Yehuwah sampun netepaken badhe nandukaken bilai dhumateng panjenengan dalem.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 22