Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 20:6-13 Kitab Sutji (JAV)

6. nanging benjing-enjing kinten-kinten ing wanci makaten, kula badhe ngutus para punggawa kula supados sowan ing ngarsa panjenengan saha nggledhah griyanipun para punggawa panjenengan, sarta punapa ingkang dipun tingali lan dipun pengini badhe dipun pendhet saha badhe dipun bekta.”

7. Sang Nata ing Israel banjur nimbali sakehing tuwa-tuwaning nagara, padha dipangandikani mangkene: “Padha gatekna, wong iki arep gawe cilaka kita, sabab wus utusan wong sowan ing ngarsaningsun njaluk garwa-garwaningsun lan para putraningsun, emas lan selakaningsun sarta ingsun wus saguh masrahake.”

8. Sakehing tuwa-tuwa lan rakyat kabeh padha munjuk: “Sampun dipun pidhangetaken, sampun dipun sagahi!”

9. Awit saka iku banjur ngandika marang para utusane Sang Prabu Benhadad: “Sira padha munjuka marang gustiku Sang Prabu: Sadaya pamundhut paduka dhumateng kawula ingkang kawitan, punika badhe kawula caosaken, nanging pamundhut paduka ingkang kantun punika, kawula boten saged minangkani.” Para utusan nuli padha mundur lan ngaturake wangsulan mau marang Sang Prabu Benhadad.

10. Sang Prabu Benhadad banjur utusan wong sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, kadhawuhan matur: “Kula mugi dipun paringana paukuman makaten dening para allah, malah nglangkungana saking punika, manawi rakyat ingkang ndherekaken kula taksih sami saged nggegem bleduging gempuranipun Samaria.”

11. Nanging Sang Nata ing Israel mangsuli pangandikane: “Sira padha matura: Tiyang ingkang saweg nganggar pedhang sampun ngantos gumunggung kados dene tiyang ingkang sampun nyelehaken pedhangipun.”

12. Bareng Sang Prabu Benhadad, kang nalika iku lagi unjuk-unjukan karo para ratu ana ing pakuwon, midhanget pangandika kang mangkono iku, nuli ngandika marang para punggawane: “Padha tataa baris!”, banjur padha tata baris arep nglawan kutha mau.

13. Nanging dumadakan ana nabi kang sowan ing ngarsane Sang Prabu Akhab, ratu ing Israel lan matur: “Makaten pangandikaning Yehuwah: Apa sira wus ndeleng sakehing wong kang padha rame-rame iku? Lah ing dina iki iku bakal padha Sunulungake ing tanganira, supaya sira sumurup, manawa Ingsun iki Yehuwah.”

maca bab lengkap 1 Para Raja 20