Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 20:9 Kitab Sutji (JAV)

Awit saka iku banjur ngandika marang para utusane Sang Prabu Benhadad: “Sira padha munjuka marang gustiku Sang Prabu: Sadaya pamundhut paduka dhumateng kawula ingkang kawitan, punika badhe kawula caosaken, nanging pamundhut paduka ingkang kantun punika, kawula boten saged minangkani.” Para utusan nuli padha mundur lan ngaturake wangsulan mau marang Sang Prabu Benhadad.

maca bab lengkap 1 Para Raja 20

tampilan 1 Para Raja 20:9 ing konteks