Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 20:19-38 Kitab Sutji (JAV)

19. Nalika iku wong-wong padha metu saka ing sajroning kutha, yaiku para nonoman pandhereke para kepala dhaerah sarta uga wadya-bala kang padha ngetutake.

20. Iku banjur padha mateni mungsuh kang ana ing ngarepe, satemah wong Aram iku nuli padha lumayu, lan dioyak dening wong Israel. Nanging Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram bisa oncat kalawan nitih titihan, bebarengan karo wadya jaranan sawatara.

21. Sang Nata ing Israel uga majeng perang sarta banjur nyirnakake jaran-jaran lan kreta-kreta lan njalari bangeting kalahe wong Aram.

22. Sawuse mangkono nabi mau nuli sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel lan munjuk: “Lah sapunika panjenengan dalem kawula aturi ingkang santosa ing panggalih, kawula aturi nimbang-nimbang saha nggalih punapa ingkang kedah panjenengan dalem tindakaken, awit benjing gumantosing taun ratu ing Aram badhe merangi panjenengan dalem.”

23. Para punggawane Sang Prabu ing Aram padha munjuk marang panjenengane: “Allahipun ngrika punika allahing redi; milanipun ngrika langkung kiyat tinimbang kita. Nanging manawi anggen kita perang nglawan ngrika punika wonten ing tanah ingkang wradin, kita tamtu langkung kiyat tinimbang ngrika.

24. Sapunika panjenengan dalem kawula aturi tumindak makaten: Para ratu punika mugi sami kapecata saking ing kalenggahanipun, kagentosana dening para bupati.

25. Panjenengan dalem lajeng karsaa nglempakaken wadya-bala ingkang cacahipun sami kaliyan ingkang tiwas, makaten ugi kapal saha kretanipun cacahipun inggih kados kala rumiyin. Sumangga lajeng sami mengsah perang nglawan tiyang-tiyang punika wonten ing tanah wradin, kita tamtu langkung kiyat katimbang ngrika.” Sang Prabu karsa ndhahar ature iku lan banjur tumindak mangkono.

26. Ing taun candhake Sang Prabu Benhadad mriksa wadya-bala ing Aram banjur majeng perang menyang ing Afek, nglawan wong Israel.

27. Wong Israel uga mriksa barisane sarta sawuse kasangonan nuli mangkat mapagake wong Aram. Wong Israel padha pacak baris adhep-adhepan karo wong Aram, katone kaya wedhus rong pantha, mangka wong Aram tekane kaya dene banjir kang ngelebi nagara iku.

28. Ing kono abdining Allah banjur sowan ing ngarsane Sang Prabu ing Israel lan munjuk: “Makaten pangandikanipun Pangeran Yehuwah: Ing sarehne wong Aram iku wus ngucap: Pangeran Yehuwah iku allahing gunung lan dudu allahe tanah warata, mulane Ingsun bakal ngulungake wadya-bala kang gedhe iku marang ing tanganira, supaya sira padha sumurup, manawa Ingsun iku Pangeran Yehuwah.”

29. Pitung dina anggone padha pacak baris adhep-adhepan. Nanging ing dina kapitu iku nuli wiwit padha perang lan ing sajroning sedina wong Israel nggecak panunggalane wong Aram wadya-bala dharat satus ewu.

30. Kekarene padha lumayu menyang ing Afek, lumebu ing kutha, nanging temboke ambruk nibani wong pitulikur ewu, yaiku kekarene mau.Nalika samana Sang Prabu Benhadad lumajeng lumebet ing kutha lan ndhelik pindhah-pindhah kamar.

31. Para punggawane nuli padha munjuk marang panjenengane: “Kauningana, kawula sampun sami mireng, bilih para ratu trahing Israel punika ratu ingkang sami ambek mirah. Sumangga sami mangangge bagor ing bangkekan kita saha tangsul ing sirah kita lajeng sami medal sowan ing ngarsanipun Sang Nata ing Israel; bokmanawi panjenengan dalem lajeng dipun gesangi.”

32. Sawuse mangkono tumuli padha manganggo bagor ing bangkekane lan tali ing sirahe sarta banjur sowan marang ing ngarsane Sang Nata ing Israel tuwin munjuk: “Abdi paduka Sang Prabu Benhadad matur: Gusti kawula mugi karsaa paring gesang dhumateng kawula.” Paring wangsulane: “Apa panjenengane isih sugeng? Iku rak sadherekingsun.”

33. Wong-wong mau padha nganggep, manawa iku pratandha kang becik, mulane pangandika mau digondheli lan munjuk: “Sang Prabu Benhadad punika pancen sadherek dalem!” Sawuse mangkono Sang Prabu Akhab ngandika: “Padha mangkata, panjenengane dherekna mrene!” Dadine Sang Prabu Benhadad banjur miyos lan sowan ing ngarsane, tumuli kaajak nitih kreta.

34. Sang Prabu Benhadad matur: “Kitha-kitha ingkang karebat dening rama kawula saking rama paduka, badhe kawula unjukaken wangsul; salajengipun bokbilih paduka ngersakaken badhe yasa peken wonten ing Damsyik kagem paduka, sumangga, inggih kados dene anggenipun rama kawula yasa wonten ing Samaria.” “Dene kula piyambak,” mangkono pangandikane Sang Prabu Akhab, “badhe ngaturi panjenengan kondur sasampunipun ngawontenaken prajanjian.” Sang Prabu Akhab nuli damel prajanjian kalawan panjenengane, sarta banjur nglilani panjenengane kondur.

35. Tumuli golonganing para nabi ana siji kang tutur marang kancane marga saka dhawuhing Pangeran Yehuwah: “Aku penthungen!” Nanging kancane iku emoh menthung.

36. Iku nuli dikandhani: “Ing sarehne kowe ora ngestokake swaraning Sang Yehuwah, mulane sumurupa, salungamu saka ing ngarepku, kowe bakal katubruk ing singa.” Lan bareng wong mau lunga saka ing ngarepe, nuli kepethuk singa, kang banjur nubruk dheweke.

37. Nabi mau banjur nemoni wong liyane lan celathu: “Aku penthungen!” Tumuli iya dipenthung lan ditatoni.

38. Nabi mau tumuli lunga lan ngadeg nyegat Sang Prabu ana ing dalan, kalawan nyamur laku srana mripate dipreban.

maca bab lengkap 1 Para Raja 20