Prajanjian Lawas

Prajanjian Anyar

1 Para Raja 20:18-25 Kitab Sutji (JAV)

18. Sang Prabu tumuli ngandika: “Wong-wong iku, tekane apa kepengin bedhami apa arep perang, kabeh padha cekelen urip-uripan!”

19. Nalika iku wong-wong padha metu saka ing sajroning kutha, yaiku para nonoman pandhereke para kepala dhaerah sarta uga wadya-bala kang padha ngetutake.

20. Iku banjur padha mateni mungsuh kang ana ing ngarepe, satemah wong Aram iku nuli padha lumayu, lan dioyak dening wong Israel. Nanging Sang Prabu Benhadad, ratu ing Aram bisa oncat kalawan nitih titihan, bebarengan karo wadya jaranan sawatara.

21. Sang Nata ing Israel uga majeng perang sarta banjur nyirnakake jaran-jaran lan kreta-kreta lan njalari bangeting kalahe wong Aram.

22. Sawuse mangkono nabi mau nuli sowan ing ngarsane Sang Nata ing Israel lan munjuk: “Lah sapunika panjenengan dalem kawula aturi ingkang santosa ing panggalih, kawula aturi nimbang-nimbang saha nggalih punapa ingkang kedah panjenengan dalem tindakaken, awit benjing gumantosing taun ratu ing Aram badhe merangi panjenengan dalem.”

23. Para punggawane Sang Prabu ing Aram padha munjuk marang panjenengane: “Allahipun ngrika punika allahing redi; milanipun ngrika langkung kiyat tinimbang kita. Nanging manawi anggen kita perang nglawan ngrika punika wonten ing tanah ingkang wradin, kita tamtu langkung kiyat tinimbang ngrika.

24. Sapunika panjenengan dalem kawula aturi tumindak makaten: Para ratu punika mugi sami kapecata saking ing kalenggahanipun, kagentosana dening para bupati.

25. Panjenengan dalem lajeng karsaa nglempakaken wadya-bala ingkang cacahipun sami kaliyan ingkang tiwas, makaten ugi kapal saha kretanipun cacahipun inggih kados kala rumiyin. Sumangga lajeng sami mengsah perang nglawan tiyang-tiyang punika wonten ing tanah wradin, kita tamtu langkung kiyat katimbang ngrika.” Sang Prabu karsa ndhahar ature iku lan banjur tumindak mangkono.

maca bab lengkap 1 Para Raja 20